Rabu, 01 Januari 2014

PARIBASAN, BEBASAN, SANEPA, SALOKA (A-L)



Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikan lan mawa teges tertemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basapinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese ora gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambungane manugsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan manawa ereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.

Ana ing dhaptar iki paribasan lan saloka digabund dadi siji amrih luwih prasaja.
A
Adhang-adhang tetese embun
Njagakake barang mung sakoleh-olehe
Adigang, adigung, adiguna
Ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane
Aji godhong garing
Wis ora ana ajine, asor banget
Ana catur mungkur
Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
Ana daulate ora ana begjane
Arep nemu kabegjan, ninf ora sida
Ana gula, ana semut
Panggonan sing akeh rejekine, menthe akeh kang nekani
Anak polah, bapa kepradah
Tingkah polahe anak dadi tanggunane wong tuwa
Anggenthong umos
Wong kang ora bisa nyimpen wewadi
Angon mangsa
Golek wektu kang prayoga kanggo tumindak
Angon ulat ngumbar tangan
Ngulatake kaanan yen limpe banjur dicolong
Arep jamure emoh watange
Gelem kepenake ora gelem rekasane
Asu rebutan balung
Rebutan barang kang sepele
Asu belang kalung wang
Wong asor nanging sugih
Asu gedhe menang kerahe
Wong kang dhuwur pangkate, mesthi wae luwih gedhe panguwasane
Asu marani gebuk
Njarag marani bebaya
Ati bengkong oleh oncong
Wong duwe niyat ala oleh dalan
B
Baladewa ilang gapite
Ilang kakuwatane/kaluhurane
Banyu pinerang ora bakal pedhot
Pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
Bathang lelaku
Lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Bathok bolu isi madu
Wong asor nanging sugih kapinteran
Blaba wuda
Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman
Bebek mungsuh mliwis
Wong pinter mhngsuh padha wong pinter
Becik ketitik ala ketara
Becik lan ala bakal ketara ing tembe burine
Belo melu seton
Manut grubyuk ora ngerti karepe
Beras wutah arang bali menyang takere
Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
mBidhung api rowang
Ethok-ethok nulung nanging sejatine ngrusuhi
Blilu tau pinter durung nglakoni
Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung nglakoni
Bubuk oleh leng
Wong duwe niyat ala oleh dalan
Bung pring petung
Bocah kang longgor (gelis dhuwur)
Buntel kadut, ora kinang ora udut
Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut/rokok
mBuru uceng kelangan dheleg
Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
Busuk ketekuk, pinter keblinger
Saing boho lan sing pinter padha nemu cilaka
C
Carang centhel
Ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
Car-cor kaya kurang janganan
Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
Cathok gawel
Seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
Cebol nggayuh lintang
Kekarepan kang mokal bakal kelakon
Cecak nguntal cagak
Gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane
Cedhak celeng boloten
Cedhak karo won gala bakal katut ala
Cedhak kebo gupak
Cedhak karo won gala bakal katut ala
Ciri wanci lelai ginawa mati
Pakulinan ala ora bakal owah yen durung nganti mati
Cincing-cincing maksa klebus
Karepe ngirit nanging malah enthek akeh
Criwis cawis
Seneng maido nagging ya seneng menehi/muruki
Cuplak andheng
Andheng ora prenah panggonanae – wong kang njalari ala becike disingkirake
D
Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyungget
Wis ora gelem nyanak/sapa aruh
Dahwen ati open
Nacad nanging mbenarake wong liya
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
Ala diunekake becik, becik diunekake ala
Desa mwa cara, negara mawa tata
Saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe
Dhemit ora ndhulit, setan ora doyan
Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Digarokake dilukoke
Dikon nyambut gawe abot
Didhadhunga medhot, dipalangane mlumpat
Wong kenceng karepe, ora kena dipenggak   maneh
Diwenehi ati ngrogoh rempela
Wis diwenehi sethithik malah njaluk kang akeh
Dom sumuruping banyu
Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
Senajan wong liya nak nemu rekasa bakal dibelani
Duka yayah sanipi, jaja bang mangiwa-ngiwa
Wong kang nesu banget
Dudutan lan anculan
Padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti
Durung ilang pupuk lempunyange
Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti
Durung pecus keselak besus
Durung sembada nanging kepingin sing ora-ora
E
Eman-eman ora keduman
Karepe eman malah awake dhewe ora keduman
Emban cindhe emban siladan
Pilih kasih ora adil
Embat-embat celarat
Wong nyambut gawe kanthi ngati-ngati banget
Emprit abuntut bedhug
Perkara sing maune sepele dadi gedhe
Endhas gundhul dikepeti
Wis kepenak ditambahi kepenak maneh
Endhas pethak ketiban empyak
Wong kang bola-bali nemu cilaka
Enggon welut didoli udhet
Panggone wong pinter dipameri kapinteran sing ora sapiraa
Entek ngamnek kurang golek
Oleh nguneni/nyeneni sakatoge
Entek jarake
Wis entek kasugihane
Esuk dhele sore tempe
Wong kang ora tetep atine (mencla-mencle)
G
Gagak nganggo lare merak
Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (gedhe)
Gajah alingan suket teki
Lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara
ngGajah elar
Sarwo gedhe lan dhuwur kekarepane
Gajah ngidak rapah
Nrajang wewalere dhewe
Gajah pearang karo gajah, kancil mati ing tengah
Wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilk kanh dadi korban
Garang-garing
Wong semugih nanging sejatine kekurangan
Gawe luwangan nggo ngurugi luwangan
Golek utangan kanggo nyaur utangan sing dhisik
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput
Samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh
Sanajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane
Golek banyu bening
Meguru golek kawruh sing becik
Golek-golek ketemu wong luru-luru
Karepe golek utangan, malah diutangi (dijaluki utang)
Gondhelan poncoting tapih
Nggantungake uripe marang bojo
Gotong mayit
Lungan mung telu ngliwati papan sing mbebayani
Greget-greget suruh
Nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
ngGugat kayu aking
Mrakarakake wong kang wis mati
Gumembrang ora adang
Kelangan barang tanpa ana sing weruh
Gupak pulute ora mangan nangkane
Melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
Glugu ketlusuban ruyung
Kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
Glundhung semprong
Wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
Gong lumaku tinabuh
Wong geleme omong mung yen ditakoni
Gegedhen empyak kurang cagak
Kegedhen kekarepan nanging ora kuwawa nandhingi
Golek uceng kelangan dhuleg
Amarga kepingin antuk kakng luwih aji malah kelangan apa kang diduweni
H
Harda walepa
Tumindak sing ora patut, ditakoni malah ganti takon
Hasta kukila warsa
Pralambang saka wong urip nalika wis tuwa umuré
Her gung raja manah anung
Wong sugih, pangkaté dhuwur, lembah manah, lan ngurmati sapadha-padha
Heru cakra
Sang raja sing dipercaya ngeculaké rakyaté saka kasangsaran
Holopis kuntul baris
Nindakake pagawéyan bebarengan
Hyang kalingga surya
Panuntun gedhé sing bisa ngayomi lan misuwur ing bebrayan
Hyang Sukma Adiluwih
Kabèh sing ana ing donya iki wis dadi kersané Gusti, kaya ngapa apiké gawéyan manungsa isih adoh banget sampurnane saka apa sing dicipta dening Allah
I
Idu geni
Sakuni-unine kelakon
Idu didilat maneh
Njabel rembug sing wis kawetu
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
Yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
Iwak kecemplung wuwu
Kena diapusi kanthi gampang
J
nJagakake endhoge si blorok
Njagakake marang sing durung mesthi ana orane
Jail mringkil
Wong sing tumindak ala ora patut didadekake kanca
nJajah desa milang kori
Lelungan menyang endi-endi
Jalma angkara mati murka
Nemoni cilaka jalaran angkara murkane
nJalukan ora wewehan
Senneg njaluk ora seneng menehi
Jamur ing mangsa ketiga
Kadadeyan sing arang kadaden
Jati ketlusupan ruyung
Kumpulane wong becik kelebon wong ala
Jaran kerubuhan empyak
Wong wis kanji (kapok) banget
Jarit lawas ing sampiran
Duwe kapinteran nagingora digunakake
Jer basuki mawa beya
Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat
Jiniwit katut
Yen sedulur sedhih melu ngrasa sedhih
nJujul muwul
Prakara kang nambah-nambahi rekasa
nJunjung ngentebake
Ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
Jurang growah ora mili
Wong sing mesthi mblenjani janji
K
Kacang ora ninggal lanjaran
Kebiyasaane anak niru wong tuwane
Kadang konang
Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih
Kalah cacak menang cacak
Samubarang penggawéyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané, ing ukara iki 'cacak' tegese nyoba
Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega
Wong sing ora duwé papan panggona
Katon kaya cempaka sawakul
Tansah disenengi wong akeh
Kaya banyu karo lenga
Wong kang ora bisa rukun
Kakehan gludhug kurang udan
Nemu kabegjan kang gedhe banget
Kabanjiran segara madu
Nemu kabegjan kang gedhe banget
Kebat kliwat gancang pincang
Wong pinter ning ora ana sing merlokaké
Kebo bule mati setra
Wong pinter ning ora ana sing merlokaké
Kebo ilang tombok kandhang
Wis kelangan ngetokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan
Kebo kabotan sungu
Rekasa merga kakèhan anak
Kebo lumumpat ing palang
Ngadili prakara ora nganggo waton
Kebo mulih menyang kandhange
Wong lunga adoh bali menyang omah manèh
Kebo nusu gudhel
Wong tuwa jaluk wuruk wong enom
Kecing-kecing diraupi
Tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
Keduwung nguntal wedhung
Wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
Kajugrugan gunung meyan
Oleh kabegjan kang gedhé banget
Kekudhung walulanng macan
Ngapusi nggawe jeneng wong kang diweden
Kelacak kepathak
Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn
Kena iwake aja nganti butheg banyune
Sing dikarepake kelakon ning aja nganti gawe rusak/ramé
Kencana katon wingka
Senajan apik nanging ora diseneng
Kendhel ngringkel, dhadhag ora godak
Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho
Kenes ora ethes
Wong sugih umuk nanging bodho
Kepaten obor
 Kelangan aluran pasedulurane
Keplok ora tombok
Wong senengané maido thok, ora gelem mélu cawe-cawe
Kere munggah bale
Batur dipek bojo karo bendaran
Kere nemoni malem
Wong kang bedhigasan /serakah
Kerot ora duwe untu
Duwe kekarepan ning ora duwé bandha/ wragat
Kerubuhan gunung
Wong nemoni kesusahan sing gedhé banget
Kesandhung ing rata kebentus ing tawang
Oleh cilaka sing ora dinyana nyana
Ketula-tula ketali
Wong kang tansah nandhang sengsara
Kethek saranggon
Kumpulan wong kang tindak ala
Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang
Wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep
Klenthing wadah masin
Angel ninggalake pakulinan tumindak ala
Kongsi jambul wanen
Nganti tumekan tuwa banget
Krokot ing galeng
Wong kang mlarat banget
Kriwikan dadi grojogan
Prakara kang maune cilik dadi gedhe
Kudhi pacul singa landhepa
Wong kang adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu begja
Kumenthus ora pecus
Seneng umuk nanging ora sembada
Kurung munggah lumbung
Wong asor /cilik didadèkake wong gedhe
Kuthuk nggendhong kemiri
Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani
Kutuk marani sundhuk, ula marani gepuk
Njarag marani bebaya
Kuncung nganti tumeka gelung
Suwe banget anggone ngenteni
L
Ladak kecangklak
Wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
Lahang karoban manis
Wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
Lambe satumang kari semerang
Menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
Lanang kemangi
Wong lanang kang jirih
Lebak ilining banyu
Wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
Ledhang-ledhang nemu pedhang
 Nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
Legan golek momongan
Wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
Lumpuh ngideri jagad
Duwe gegayuhan sing mokal kelakon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar