Jinis-jinising
layang yaiku:
a)
Layang
dhines, yaiku layang tumrap kantor.
b)
Layang
dhawuh utawa parentah, yaiku surat pribadi kang ngemu bab parentah.
c)
Layang
lamaran, yaiku layang kanggo nglamar panggawean.
d) Layang ulem, yaiku layang kanggo
wong kanga rep duwe gawe.
e)
Layang
iber-iber, yaiku layang kang sipate pribadi.
f)
Layang
lelayu, yaiku layang kang isine babagan kabar duka utawa anane wong mati.
g)
Layang
wasiyat, yaiku layang kang isine piwelinge wong tuwa kang digawe dasurunge
seda.
h)
Layang
kekancingan, yaiku surat keputusan.
Sawise
mangerteni bab jinising layang, banjur kang kudu dimangerteni yaiku babagan
perangan-perangan layang, ing antarane:
1. Titi mangsa, nerangake dina lan
wektu ditulise layang.
Tuladha:
Semarang, 5 Desember 2013
2. Satata basa, nerangake lamat layang
kang dituju.
Tuladha:
Kangge Bapak Atmadja
Bonangrejo, RT 01 RW 03
Bonang, Demak
3. Adangiyah, nerangake salam pambukane
layang.
Tuladha:
Pamuji rahayu; salam taklim kula
sekaliyan; kairing sagunging pakurmatan; lan liya-liyane.
4. Purwaka basa, nerangake pambukane
layang.
Tuladha:
Sesarengan serat menika kula ngaturi
pirsa bilih kawontenan awontenan kula sakulawarga ing ngriki tansah pinaringan
kawilujengan lan kasarasan.
5. Surasa basa, nerangake isine layang.
6. Wasana basa, nerangake panutupe
layang.
Tuladha:
Wasana cekapp semanten kabar saking
kula, benjang gantos dinten dipunsambung malih.
7. Salam panutup, nerangake salam
sabubare nulis layang.
Tuladha:
Nuwun; matur nuwun, lsp.
8. Peprenahan, neraangake kang nulis
layang.
Tuladha:
Serat saking putra; Simbahmu;
Sukasna; lsp.
9. Tapak asma, yaiku tapak asmane kang
nulis layang.
10. Asma terang, yaiku nama terange kang
nulis layang.
Kapethik
saka: Fokus Basa Jawa 11A
Tidak ada komentar:
Posting Komentar