Lagu dolanan utawa tembang
dolanan kuwi awujud gendhing kang prasaja sing biasa ditembangaké
déning bocah cilik nalika dolanan. Nanging kadhangkala uga ditembangaké déning waranggana utawa
sindhen sajroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit lan wayang liyané.
Lagu dolanan mujudake salah sijine seni sastra tradisional utawa lagu rakyat
kanthi irama lan gerak tinamtu kang ditindakake bocah-bocah. Saben lagu nduweni
maksud dhewe-dhewe. Lagu dolanan diarani wujud karya sastra amarga kadhapuk
saka tembung-tembung endah lan ngemu teges. Lagu dolanan ditembangake ing wayah-wayah tinamtu, mbiyen lagu
dolanan ditembangake bocah-bocah ing plataran omah wayah mbulan ndhadhari.
Saliyane nembang, bocah-bocah padha dolanan lan jejogedan jumbuh karo lagu
dolanan kang ditembangake.
Kanggo nembangake lagu dolanan,
bocah-bocah mono
bisa nganggo tarian, jejogedan, lan dolanan. Nanging bisa uga lagu dolanan iku
amung awujud tembang kang ora perlu ana tariane, upamane lagu Gundhul-Gundhul Pacul.
Ana uga lagu dolanan kang diiringi alat musik kayata suling, kendang, lan
liya-liyane. Saben wewengkon utawa dhaerah nduwe lagu dolanan khas dhewe-dhewe.
Gunggunge bisa atusan.
Suwardi Endraswara ing bukune
ngandharake menawa lagu dolanan iku kaperang dadi 8 jinis yaiku : Proto Folksong, Lagu
Nina Bobo (lullaby), Lagu profetik, Lagu Permainan (play song), Lagu Perjuangan, Lagu Jenaka, Lagu
Mantra Anak, dan Lagu Sindiran.
Akeh banget lagu dolanan kang kondhang
ana kalangan bebrayan, ing antarane:
o Cublak-Cublak
Suweng
o Sluku-Sluku
Bathok
o Gajah-Gajah
o Gambang Suling
o Gundhul-Gundhul
Pacul
o Jamuran
o Kupu
Kuwi
o Jaranan
o Lir
Ilir
o Menthok
Menthok
o Padhang
Bulan
o Suwe
Ora Jamu
o Pitik
Tukung, lsp.
Menawa dijeroni maneh, lagu dolanan ora amung lagu kang nduweni
kagunan kanggo panglipur, ananing lagu dolanan sejatine ngandut piweling lan
pitutur kang disamarake.
Sluku-Sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo si rama menyang Solo
Oleh-olehe paying motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen mati medeni bocah
Yen urip
golek dhuwit
Makna utawa teges kang kakandut ana tembang dolanan kasebut yaiku
nilai religus. Ana sajroning cakepan tembang negesake yen manungsa prayogane
ngresiki batin lan asring dikir mring Gusti, yaiku kanthi ela-elo
(noleh-nolehake sirahe) ngucap lafal laa illa ha illallah nalika bungah lan
susah. Mangka nalika manungsa isih diparingi urip Sang Gusti kudu becik anggone
tumindak mring sasama lan tansah ngibadah amarga Gusti kang maha ing
samubarang, nalikane Gusti wis nduwe kuwasa anggone mundhut makluke, mangka ora
ana pawongan kang bisa enda.
Cublak-Cublak Suweng
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelentir
Mambu ketundhung gudhel
Pak gempong lera-lere
Sapa ngguyu dhelikake
Sir sir pong dele kopong
Sir
sir pong dele kopong
Tembang dolanan kasebut nduweni teges lan pitutur yen golek bandha
utawa kabagyan sejati, aja nganti manungsa nuruti hawa nepsune utawa serakah. Ananging
kabeh bali menyang batin kang becik utawa ati nurani, saengga bandha kabagyan
kasebut bisa luber dadi berkahing sapada.
Saka andharan ing dhuwur, tembang dolanan ora amung sawetara
tembang kang dilagokake nalika bocah padha dolanan, ning sejatine tembang
dolanan nduweni teges, pitutur, lan piwulang kanggo sakabehing wong.
Kapethik saka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar