Tembung
rangkep (Basa Indonesia: kata ulang) yaiku tembung kang ditulis utawa diwaca kaping
pindho. Tembung rangkep kaperang dadi
tembung dwilingga, rangkep dwipurwa, lan rangkep dwiwasana.
a.
Tembung
Rangkep Dwilingga
Tembung dwilingga yaiku tembung kang
diwaca kabeh linggane kaping pindho. Tembung dwilingga dhewe kaperang maneh
dadi dwilingga padha swara lan dwilingga salin swara.
» Dwilingga Padha Swara
Diarani padha swara amarga linggane
diucapake kaping pindho lan ora malih swarane.
Tuladhane: bapak-bapak, mlaku-mlaku,
esuk-esuk, lsp.
» Dwilingga Salin Swara
Diarani salin swara amarga swarane
wis ganti utawa malih.
Tuladhane: riwa-riwi, bola-bali,
meta-metu, lsp.
» Dwilingga Semu
Dwilingga semu uga diarani dwilingga
murni, amarga tembung-tembung kasebut ora ana linggane.
Tuladhane: orong-orong, kupu-kupu,
lsp.
b.
Tembung
Rangkep Dwipurwa
Tembung rangkep dwipurwa yaiku
tembung kang dirangkep wanda ana ing ngarep dhewe, ateges tembung kang
dirangkep iku wanda ngarepe.
Tuladha:
»
Guyu dadi gu-guyu = geguyu
»
Luhur dadi lu-luhur = leluhur
c.
Tembung
Rangkep Dwiwasana
Tembung rangkep dwiwasana yaiku
tembung kang dirangkep ana ing wanda kang buri.
Tuladha:
» Cengis dadi cengis-ngis = cengingis
» Busik dadi busik-sik = besisik
Daftar Pustaka
http://zuhroscorpio.blogspot.com/2012/11/macam-macam-tembung-rangkep.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar