Kamis, 02 Januari 2014

ATER-ATER



Kang diarani ater-ater yaiku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung. Yen ing basa Indonesia, ater-ater diarani awalan. Ing paramasastra basa Jawa, ater-ater kaperang dadi telu, yaiku hanuswara, tripurasa, lan ater-ater liya.
1.        Ater-Ater Hanuswara
Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng. Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku an, any, am, ang (n, ny, m, ng). Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah mratelakake tembung "tanduk" (aktip).
Tuladha:
§  an- + tandur dadi anandur = nandur (t luluh)
§  any- + surung dadi anyurung = nyurung (s luluh)
§  am- + baling dadi ambalang = mbalang
§  ang- + ombe dadi angombe = ngombe

2.        Ater-Ater Tripurasa
Ater-ater tripurasa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purasa (kata ganti). Ater-ater tripurasa mratelakake tembung tanggap (pasip). Cacahe ater-ater tripurasa ana telu, yaiku dak/tak, kok/ko, di.
Tuladha:
§  dak- + pangan = dakpangan (sing mangan aku)
§  kok- + pangan = kokpangan (sing mangan kowe)
§  di- + pangan = dipangan (sing managan dheweke)

3.        Ater-Ater Liya
Ater-ater saliyane hanuswara lan tripurasa, yaiku:
§  Ater-ater a-
Contone: a- + lungguh = alungguh.
§  Ater-ater ma-
Contone: ma- + karya = makarya.
§  Ater-ater ka-
Contone: ka- + gawa = kagawa (njarag digawa).
§  Ater-ater ke-
Contone: ke- + jupuk = kejupuk (ora njarag dijupuk).
§  Ater-ater sa-
Contone: sa- + dina = sadina (siji dina).
§  Ater-ater pa-
Contone: pa- + mudha = pamudha.
§  Ater-ater pi-
Contone: pi- + wulang = piwulang.
§  Ater-ater pra-
Contone: pra- + jurit = prajurit.
§  Ater-ater pari-
Contone: pari- + wara = pariwara.
§  Ater-ater tar-
Contone: tar- + waca = tarwaca = trewaca.
§  Ater-ater paN- (pa nasal)
Contone: paN- + jaluk = panjaluk
                paN- + lipur = pamglipur.
§  Ater-ater kuma-
Contone: kuma- + wani = kumawani.
§  Ater-ater kami-
Contone: kami- + tuwa = kamituwa.
§  Ater-ater kapi-
Contone: kapi- + tuna = kapituna.




Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar