Wayang
minangka salah sawijining wujud kabudayan kang dipentasake dikanthini iringan swara
gamelan lan panembrama utawa lelagon jawa dening para sindhen.pagelaran wayang
biasane diwiwiti bengi tumeka esuk, kira-kira tabuh 8 bengi tumeka 4 esuk.
Nanging uga ana pagelaran wayang kang amung 2-3 jam pamentasan, kang diarani
pakeliran padhat.
![]() |
Gb 1. Wayang Kulit |
Wayang
kang misuwur ing kalangan bebrayan agung yaiku wayang kulit utawa wayang purwa,
ning saliyane wayang kasebut uga akeh jinising wayang, ing antarane:
1. Wayang
kulit utawa wayang purwa, yaiku wayang kang digawe saka walulang (kulit kewan,
biasane kulit kebo), nyritakake lelakon Ramayana lan Mahabarata.
2. Wayang
wong, yaiku wayang sing paragane wong, lelakon kang diceritakake uga Ramayana
lan Mahabarata.
![]() |
Gb 2. Wayang Wong |
![]() |
Gb 3. Wayang Beber |
3. Wayang
beber, yaiku mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis
rampung banjur digulung maneh. Nyeritakake lelakon Jaka Kembang Kuning karo
Dewi Sekartaji.
4. Wayang
gedhog, yaiku wayang kang nyeritakake lelakon Panji Asmarabangun (Raden Putra)
karo garwane Dewi Candrakirana.
5. Wayang
klithik (krucil), yaiku wayang kang digawe saka kayu gepeng, nyeritakake Prabu
Kenya, Damarwulan, Minakjingga, lan sapanunggalane.
![]() |
Gb 4. Wayang Klithik |
6. Wayang
golek (thengul), yaiku wayang kang digawe saka kayu awujud golek, nyeritakake
wong Agung Menak (Jayengrana), Umar Maya, lan sapanunggalane.
7. Wayang
madya, yaiku wayang kulit kang nyeritakake lelakone Parikesit saturunane.
8. Wayang
potehi, yaiku wayang golek kanthi lelakon wong Cina.
9. Wayang
sadat, yaiku wayang kang nyeritakake lakon agama Islam.
10. Wayang
suluh, yaiku wayang kang nyeritakake sejarah Indonesia lan kanggo panyuluhan.
![]() |
Gb 6. Wayang Suluh |
![]() |
Gb 7. Wayang Suket |
11. Wayang
suket, yaiku wayang kang digawe saka suket, critane bab kahanan saiki lan
lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pamerentah. Wayang suket uga bisa
kanggo srana nyeritakake kaya dene lelakon ing wayang kulit.
Kapethik saka Fokus Basa Jawa
SMA/MA kelas XII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar