Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka
asale. Tembung lingga duwe teges kang bisa beda nalika wis diwenehi ater-ater,
seselan, utawa panambang kang banjur dadi tembung andhahan. Saben tembung
lingga bisa ndadekake tembung andhahan.
Tuladha tembung lingga:
- Turu
- Pangan
- Kebo
- Meja
- Tangis,
lsp.
Ing bab tembung lingga
uga ana kang diarani tembung lingga semu.
Tembung lingga semu
yaiku ambalan semu bentuk basa kang nuduhake tembung ambal murni. Bentuk
kasebut ora bisa dipisahake, ora nuduhake teges kaya makna tembung ambal murni
lumrahe. Lingga semu kaperang dadi:
1. Tembung
ambal kang bisa dilacak. Tuladhane: ula-ula, aling-aling, undur, undur,
uget-uget, lsp.
2. Tembung
ambal kang ora bisa dilacak. Tuladhane: ali-ali, alang-alang, api-api, lsp.
Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak
Basa. Surakarta: ITA.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar