Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu
dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé
sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman
wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab
dhéwé.
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:
1. Cangkriman kang awujud tembung
wancahan.
2. Cangkriman kang awujud pepindhan
utawa irib-iribing barang.
3. Cangkriman kang ngemu surasa
blenderan
4. Cangkriman liya-liyané
Cangkriman Wancahan
Wancah
iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana.
Contoné:
- Kabaketan = nangka tiba nang suketan.
- Pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
- Burnaskopen = bubur panas kokopen.
- Wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
- Yumaerong = yuyu omahé ngerong
- Suru bregitu = asu turu di bregi watu
Cangkriman Pepindhan
Cangkriman
pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:
- Sega sekepel dirubung semut = salak.
- Pitik walik saba kebon = nanas.
- Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
- Wit adhikih woh adhakah = waloh.
- Wit adhakah woh adhikih = ringin.
- Kebo bulé cancang marang = buntil
- Gajah nguntal sangkrah = pawon
- Emboké wuda, anaké tapihan = pring
Cangkriman Blèndèran
Cangkriman
blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung
yèn macané salah. Contoné:
- Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
- Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
- Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil
Cangkriman kang Kacetak Wacanan
Cangkriman
iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
- Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
- Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
- Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)
Daftar Pustaka
http://jv.wikipedia.org/wiki/Cangkriman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar