Kamis, 02 Januari 2014

SILAH-SILAHING TEMBUNG (Jinising Tembung)



Dene kang diarani tembung yaiku kumpulaning wanda (ing basa Indonesia: suku kata) kang nduweni teges. Miturut basa Indonesia tembung uga bisa disebut kata.
1.      Tembung Aran (kata benda), yaiku sakehing tembung kang nuduhake arane barang.
Tuladha           :
-          Radio
-          Meja
-          Kursi
-          Lemari, lsp.
2.   Tembung Kriya (kata kerja), yaiku sakehing tembung kang nuduhake pakaryan.
Tuladha           :
-          Mangan
-          Nulis
-          Maca
-          Nyapu
-          Nembang, lsp.
3.      Tembung Ganti (kata ganti), yaiku tembung kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
Tuladhane       :
-          Aku
-          Kowe
-          Dheweke
-          Ibu
-          Ku
-          Mu, lsp.
4.      Tembung Wilangan (kata bilangan), yaiku sakehing tembung kang nuduhake cacah utawa wilangan.
Tuladha           :
-          Siji
-          Loro
-          Setengah
-          Sithik
-          Akeh, lsp.
5.      Tembung Sipat/Kaanan (kata sifat), yaiku sakehing tembung kang nuduhake kaanan lan watak.
Tuladha           :
-          Apik
-          Bagus
-          Abang
-          Seneng
-          Bungah, lsp.
6.    Tembung Katrangan (kata keterangan), yaiku tembung kang nerangake tembung kriya lan liya-liyane kajaba tembung aran.
Tuladha           :
-          Ngisor
-          Tengah
-          Kene
-          Wetan
-          Kulon, lsp.
7.     Tembung Seru/Pangguwuh (kata seru)
Tuladha           :
-          Wah
-          Adhuh
-          Ah
-          Tulung, lsp.
8.     Tembung Sandhangan/Tetenger (kata sandang), yaiku tembung kang nyandhangi tembung aran.
Tuladha           :
-          Sang
-          Si
-          Hyang
-          Raden
-          Kyai, lsp.
9.     Tembung Panyambung (kata sambung), yaiku tembung kanggo nyambung ukara.
Tuladha           :
-          Sarta
-          Dene
-          Nanging
-          Lan
-          Wusana
-          Mulane, lsp.
10.  Tembung Pangarep/Ancer-ancer (kata depan), yaiku tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
Tuladha           :
-          Saka
-          Ing
-          Mung
-          Menyang
-          Sing
-          Yen, lsp.

Wernane Tembung Basa Jawa
Tembung Jawa iku ana 2 werna, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.


Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA.
http://hafizhsma1sragen.blogspot.com/2011/04/macam-macam-tembung-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar