Kamis, 02 Januari 2014

PANAMBANG



Panambang yaiku pocapan utawa tembung kang diselehake ing pungkasane tembung kang bisa ngowahi teges saka tembung linggane. Ing basa Indonesia, panambang disebut akhiran. Panambang ing basa Jawa yaiku:
1.        Panambang -ku, -mu, -e
Panambang kasebut nuduhake teges tembung sulih wong kang nduweni perkara/samubarang.
Tuladha:
o  Omah + -ku = omahku (omah duwekku)
o  Omah + -mu = omahmu (omah duwekmu)
o  Omah + -e = omahe (omah duwekke)

2.        Panambang –an
Tuladha:
o  Kobong + -an = kobongan
o  Turu + -an = turon (dudu turuan, u lan a lebur dadi o)
o  Lali + -an = lalen (dudu lalian, i lan a lebur dadi e)
o  Gawa + -an = gawan

3.        Panambang –i utawa –ni
Panambang –i bakal malih dadi –ni yen tembung kang diwenehi panambang pungkasane aksara vokal (a, i, u, e, o).
Tuladha:
o  Turah + -i = turahi
o  Ombe + -i = ombeni (dudu ombei)
o  Tuku + -i = tukoni (dudu tukui)
o  Tali + -i = taleni (dudu talei)

4.        Panambang -a, -na, -ana, -en
Panambang kasebut biasane ngemu teges tembung parentah.
Tuladha:
o  Jupuk + -a = jupuka (padha tegese yen basa Indonesiane: ambilah)
o  Jupuk + -na = jupukna
o  Jupuk + -ana = jupukana (nduweni teges dijupuki bola-bali)
o  Jupuk + -en = jupuken
o  Sapu + -na = sapokna (dudu sapuna)
o  Sapu + -ana = sapunana
o  Sapu + -en = sapunen

5.        Panambang –ake
Tuladha:
o  Tulis + -ake = tulisake
o  Gawa + -ake = gawakake
o  Ombe + -ake = ombekake
o  Kanggo + -ake = kanggokake
o  Tuku + -ake = tukokake
o  Tali + -ake = talekake

6.        Panambang –ne, -ing
Panambang –ne lan –ing kaya dene panambang –e.
Tuladha:
o  Laku + -ne = lakune
o  Laku + -ing = lakuning = lakune



Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar