Kamis, 02 Januari 2014

SESELAN



Ana ing basa Indonesia, seselan disebut sisipan. Seselan ing basa Jawa yaiku -er- (r), -el- (l), -um-, lan -in-.
1.        Seselan –er- (–r-) lan –el- (-l-)
Seselan –er- lan –l- ing sajrone tembung, racake banjur dadi siji karo tembunge mau, dadi linggane tembung mau ora bisa cetha. Dene kang bisa cetha linggane yen keseselan –um- lan –in-.
Tuladha:
o   Siwer + -l- = sliwer
o   Dewer + -l- = dlewer
o   Cekot + -r- = crekot
o   Kelip + -r- = krelip

2.        Seselan –um-
Tuladha:
o   Tindak + -um- = tumindak
o   Teka + -um- = tumeka
o   Tandang + -um- = tumandang
o   Kaki + -um- = kumaki = kemaki

3.        Seselan –in-
Seselan –in- nduweni teges kaya dene ater-ater “di-“ kang mujudake teges tembung pasif.
Tuladha:
o   Tulis + -in- = tinulis
o   Jambak + -in- = jinambak

Pepenget:
Seselan –um- lan –in- yen dipasangake karo tembung kang kawiwitan aksara “w”, “p”, lan “b”, mangka owah dadi “k” utawa “g”.
Tuladhane:
o   Pinter + -um- = kuminter (tegese: kaya wong pinter)
o   Bagus + -um- = gumagus (tegese: kaya wong bagus)



Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar