Minggu, 12 Januari 2014

TEMBANG MACAPAT




Miturut buku Mardawalagu kang diripta dening Ranggawarsita, tembang macapat dumadi saka tembung “maca-pat-lagu” kang nduweni teges nglagokake laras kapapat, uga bisa diarani wacan kang diripta urut kang arane:

»      Maca sa-lagu
»      Maca ro-lagu
»      Maca tri-lagu
»      Maca pat-lagu

Maca sa-lagu lan maca ro-lagu kalebu sekar ageng utawa tembang gedhe kang diripta dening para dewa lan diturunake mring Pandhita Walmiki lan diakeha dening pujangga kraton kanga ran Yogiswara. Maca-ro lagu kang kalebu tembang gedhe nduweni pada saben sapupuhe ana papat, dene cacahe wanda saben sagatra ora mesthi padha, dianggit dening Yogiswara. Maca tri-lagu kalebu sekar madya utawa tembang tengahan kang diripta dening Resi Wiratmaka, pandhita Kraton Janggala lan disampurnakake dening Pangeran Panji Inukertapati lan sadulure.

Tembang macapat dianggit dening Sunan Bonang lan diturunake mring kabeh wali. Dene macapat amarga:
1.      Diwaca papat-papat wanda
2.      Maca-pat: isi cakepane kang nggambarake kadadean ing donya lan keblat papat lima pancer
3.      Maca-cepet: maca kanthi cepet lan ora kakean variasi
4.      Maca-mat:  maca kanthi dimat-ke, digatekake.

Macapat duwe paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
1.      Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada.
2.      Guru lagu, yaiku tibaning swara a, i, u, e, lan o ing pungkasaning gatra.
3.      Guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.

Ing ngisor iki jinise tembang macapat, paugeran, lan watake.
No.
Arane Tembang
Guru Gatra
Guru Wilangan lan Guru Lagu
Gatra
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
1.
Maskumambang
4
12i
6a
8i
8a






2.
Pocung
4
12u
6a
8i
12a






3.
Gambuh
5
7u
10u
12i
8u
8o





4.
Megatruh
5
12u
8i
8u
8i
8o





5.
Mijil
6
10i
6o
10e
10i
6i
6u




6.
Kinanthi
6
8u
8i
8a
8i
8a
8i




7.
Asmarandana
7
8i
8a
8e
8a
7a
8u
8a



8.
Durma
7
12a
7i
6a
7a
8i
5a
7i



9.
Pangkur
7
8a
11i
8u
7a
12u
8a
8i



10.
Sinom
9
8a
8i
8a
8i
7i
8u
7a
8i
12a

11.
Dhandhanggula
10
10i
10a
8e
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a

Watak tembang macapat ing antarane:
1.    Maskumambang     : nelangsa, ngeres, sedhih, nuduhake susah, prihatin.
2.    Pocung                   : kendho, tanpa greget saut, kanggo medharake sembranan, sembrono.
3.    Gambuh                  : wani, wanuh, kulina, rumaket, semanak, semudulur.
4.    Megatruh                : sedhih, nglairake rasa gela, memelas, susah, nelangsa.
5.    Mijil                        : ngematake rasa, pitutur, mangayubagya, asih, tresna, gandrung.
6.    Kinanthi                 : seneng, asih, tresna.
7.    Asmarandana         : sengsem, sedhih, asmara, prihatin, kasmaran.
8.    Durma                    : galak, muntab, nesu, nantang.
9.    Pangkur                  : sereng, srengen, sigrak, nantang.
10.  Sinom                     : canthas, ethes, grapyak, ranyah, semanak.
11.  Dhandhanggula      : luwes, gembira, ngresepake.


Kapethik saka:
Fokus Basa Jawa Kelas XIA lan XIB.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar