Tembung
camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi
rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès
owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimorfem iku
disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni,
yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès
camboran (pemajemukan).
Prosès
camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa
digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku:
camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing
konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa
camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi
unsuré isih bisa digolèki.
Tuladhane
tembung camboran: sanak kadang, yaiku, lsp.
Jinising
Tembung Camboran
a.
Miturut Wutuh Orane
Miturut wutuh
orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
·
Tembung cambaoran wutuh,
contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
· Déné
wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji
barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega
siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
b.
Miturut Gayutane Wanda
Miturut
hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu,
yakuwi:
· Tembung camboran kang
nduwèni teges sadrajad (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang
surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung
"lan" utawa"saha".
· Tembung camboran kang
tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu
kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
· Tembung camboran kang
tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra
kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tembung Garba
Tembung camboran kang
sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara
swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji
dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garba.
Tuladha:
·
a + a = a
Kusuma + astuti =
kusumastuti
·
a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
·
a + e = e
Warna + edi = warnèdi
·
a + u = o
Wira + utama = wirotama
·
i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
·
u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa
panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban.
Tuladha:
- sa +ulah = solah
- sami + a = samya
- ke + legi + an = kelegèn
Daftar
Pustaka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar