M
|
|
Macan guguh
|
Wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
|
Madu balung tanpa isi
|
Rebutan samubarang kang tanpa guna
|
Maju tatu mundur ajur
|
Prakara kang sarwa pakéwuh
|
Matang tuna numbak
luput
|
Tansah luput kabèh panggayuhané
|
Mbuang tilas
|
Ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
|
Meneng kiteran
|
Ora bisa anteng
|
Meneng widara uleran
|
Katon anteng nanging sejatiné ala atine
|
Menthung koja kena
sambagine
|
Rumangsané ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
|
Merangi tatal
|
Mbalèni pakaryan kang wus rampung, tuladhané, guru mulang murid
kanthi wulangan kang wus diparingaké guru liyané.
|
Micekake wong melek
|
Ora nganggep wong sing meruhi dhewe
|
Midak sikil, njawil
mungkur
|
Kethikan ora ngetarani
|
Midak tembelek ora
penyek
|
Ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
|
Mikul dhuwur mendhem
jero
|
Bisa njunjung drajat wog tuwa
|
Milih-milih tebu oleh
boleng
|
Kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
|
Mirong kampuh jingga
|
Mbalela marang nagara
|
Mrojol selaning garu
|
Wong kang luput saka bebaya
|
Mubra-mubra mblabar
madu
|
Wong kang sara
kecukupan
|
N
|
|
Nabok nyileh tangan
|
Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
|
Naga mangsa tanpa
cela
|
Wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
|
Nampel puluk
|
Mitenah kabegjane wong liya
|
Nandur wiji keli
|
Ngopeni turune wong kasrakat
|
Nasabi dhengkul
|
Nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
|
Natas tali gumantung
|
Putusan kang ora ana kawusanane
|
Nebak wong mangan
|
Gawe rugine wong kang oleh kamukten
|
Nemu kuwuk
|
Wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
|
Ngagar metu kawul
|
Ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki
ora mempan
|
Ngajari beberk
nglangi
|
Panggawean sing ora ana paedahe
|
Ngalasake negara
|
Wong sing ora manut pranatane negara
|
Ngalem legining gula
|
Ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
|
Ngaturake kidang
lumayu
|
Ngaturake barang kang wis ora ana
|
Nglungguhi klasa
gumelar
|
Nindakake panggaweyan
kang tumata
|
Ngotragake gunung
|
Wong cilik asor bisa
ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe kagete wong akeh
|
Nguthik-uthik macan
dhedhe
|
Njarag wong kang wis lilih nepsune
|
Nguyahi segara
|
Weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
|
Ngobak banyu bening
|
Gawe rerusuh ing papan kang tentrem
|
Ninggal bocah ing
waton
|
Nyumelangake samubarang sing wis kelakon
|
Nitipake daging serep
|
Titip anak wadon marang besan
|
Nucuk ngiberake
|
Wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
|
Nulung menthung
|
Karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
|
Nuntumake balung
pisah
|
Bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
|
Nututi layangan
pedhot
|
Nggoleki barang sing angel ketemune
|
Nyangoni kawula
minggat
|
Ndandani barang kang tansah rusak
|
Nyolong pethek
|
Luput saka pangira
|
O
|
|
Obah ngarep kobet
buri
|
Tumindake panggedhe
dadi conto/panutane kawula alit
|
Opor bebek, mentas awake
dhewe
|
Rampunge saka reka
dayane dhewe
|
Ora ana banyu mili
mandhuwur
|
Watak iku tumurun marang anak
|
Ora ana kukus tanpa
geni
|
Ora ana akibat tanpa sebab
|
Ora gonja ora unus
|
Wong kanga la rupane
uga atine
|
Ora mambu enthong
irus
|
Ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
|
Ora ngerti kenthang
kimpule
|
Ora weruh prakara sing dirembug
|
Ora tembung ora
tawung
|
Njupuk barange liyan tanpa jawab
|
Ora uwur ora sembur
|
Ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
|
Ora kinang ora udut
|
Ora mangan apa-apa
|
Othak-athik didudut
angel
|
Katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
|
P
|
|
Palang mangan
tanduran
|
Wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
|
Pandengan karo
srengenge
|
Memungsuhan karo panguwasane
|
Pandhitane antake
|
Laire katon suci batine ala
|
Pecruk tunggu bara
|
Wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi
kesenengane)
|
Pinter keblinger
busuk ketekuk
|
Sarwa cilaka, tansah kena paeka
|
Pitik trondhol
diumbar ing padaringan
|
Wong ala dipasrahi
barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki
|
Pupur sadurunge
benjut
|
Ngati-ngati mumpung
durung cilaka
|
R
|
|
Raga tanpa mule
|
Rana-rene mung disawiyah, ora kajen
|
Rampek-rampek kethek
|
Nyedhak-nyedhak mung
areo gawe kapitunan
|
Rawe-rawe rantas,
malang-malang putung
|
Samubarang kang
ngalangi bakal disingkirake
|
Rebut balung tanpa
isi
|
Pasulayan marga barang kang sepele
|
Regem-regem kemarung
|
Wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
|
Renggang gula
kumepyur pulut
|
Wong kang raket banget anggone kekancan
|
Rindik asu digitik
|
Dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepan
|
Rupa nggendhong rega
|
Merga barange apik mula regane ya larang
|
Rubuh-rubuh gedhang
|
Wong kang ela-elu
tumindake liyan (melu-melu)
|
Rukun agawe santosa,
crah agawe bubrah
|
Yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi
bakal rusak
|
S
|
|
Sabar sareh mesthi
bakal pikoleh
|
Tumindak samubarang
aja kesusu
|
Sabaya pati, sabaya
mukti
|
Kerukunan kang nganti
mati
|
Sadawa-dawane lurung
isih dawa gurung
|
Kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
|
Sadumuk bathuk
sanyari bumi
|
Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
|
Sandhing kirik
gudhigen
|
Wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
|
Sapikul sagendhongan
|
Andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
|
Sanggar waringin
|
Wong kang dadi pangayomane wong akeh
|
Satru mungging
cangklakan
|
Wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
|
Sadhakep awe-awe
|
Wis ninggalake
tumindak ala, nanging ing batin isih pingin nglakoni maneh
|
Sembur-sembur adus,
siram-siram bayem
|
Bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
|
Sendhen kayu aking
|
Prakaran gondhelan wong kang wis mati
|
Sepi ing pamrih rame
ing gawe
|
Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
|
Singidan nemu macan
|
Dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
|
Sing sapa salah bakal
seleh
|
Sapa sing salah bakal
konangan
|
Si gedheg lan si
anthuk
|
Wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
|
Sluman slumun slamet
|
Sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
|
Sumur lumaku tinimba
|
Wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong
sing wis pinter
|
T
|
|
Tebu tuwuh socane
|
Prakara kang wis apik
bubrah marga ana sing ngrusuhi
|
Tega larane ora tega
patine
|
Arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
|
Tekek pati ing ulone
|
Wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
|
Tembang rawat-rawat,
ujare mbok bakul sunambiwara
|
Kabar kang durung mesthi salah lan benere
|
Timun jinara
|
Prakara gampang banget
|
Timun mungsuh duren
|
Wong ringkih mungsuh wong kuwat
|
Timun wungkuk jaga
imbuh
|
Wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
|
Tinggal glanggang
colong playu
|
Ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
|
Tulung menthung
|
Katone nulungi,
jebelu malah ngrusuhi
|
Tumbak cucukan
|
Wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
|
Tuna sathak bathi
sanak
|
Rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
|
Tunggak jarak mrajak,
tunggak jati mati
|
Prakara ala
ngambra-ambra, prakara becik kari sethithik
|
Tunggak kalingan rone
|
Tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
|
Tunggak kemadhuh
|
Wong kang maune dadi mungsuh
|
Tunjung tuwuh ing
sela
|
Wong kang maune dadi mungsuh
|
Thenguk-thenguk nemu
kethuk
|
Nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
|
U
|
|
Ucul saka kudangan
|
Luput karo gegayuhane
|
Ulat madhep ati
manteb
|
Wis manteb banget kekarepane
|
Undakking pawarta,
sudaning kiriman
|
Kabar sing sumebar beda nyatane
|
Ungak-ungak pager
arang
|
Duwe melik marang bojoning liyan
|
Ulangan cumbon
|
Angger lunga, ora suwe bali maneh
|
Uyah kecemplung
segara
|
Menehi barang sethithik marang wong sugih banget
|
Udan tangis
|
Akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
|
Uwod gedebog
|
Wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
|
W
|
|
Waras-wiris
|
Sehat/ kuwarasan
|
Wastra bedhah kayu
pokah
|
Wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong
ketula-tula uripe)
|
Watra lungset ing
sampiran
|
Wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
|
Welas tanpa lalis
|
Karepe melas nanging
malah aweh kapitunan
|
Wedi rai wani silit
|
Wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
|
Wedhus diumbar ing
pakacangan
|
Wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
|
Weruh ing grubyuk,
ora weruh ing rembug
|
Melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
|
Wis kebak sundukane
|
Wis akeh banget kaluputane
|
Wiwit kuncung nganti
gelung
|
Nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
|
Wong wadon cowek
gopel
|
Drajating wong wadon kang ora pangaji
|
Y
|
|
Yiyidan mungging
rampadan
|
Biyene wong durjana saiki dadi wong alim
|
Yitna yuwana mati
lena
|
Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
|
Yoga anyangga yogi
|
Murid nirokake piwulange guru
|
Yuwana mati lena
|
Wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
|
Yuyu rumpung mbarong
ronge
|
Wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya
kang ala pakartine
|
Daftar
Pustaka
Rahardjo,
S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA
http://jv.wikipedia.org/wiki/Paribasa_lan_Saloka_Jawa
http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar