Tembung andhahan yaiku
tembung kang wis owah saka asale (tembung lingga). Ing basa Indonesia tembung
lingga diarani kata jadian. Tambahan
saka tembung lingga supaya bisa dai tembung andhahan iku bisa arupa siji uata
campuran saka: ater-ater, seselan, panambang, rinangkep, lan kacambor.
Tuladhane:
- Omahe
saka omah + e (omah katambahan panambang –e).
- Dakwaca
saka dak + waca (waca katambahan ater-ater dak-).
- Tumindak
saka tindak + -um- (tindak diseseli –um-)
- Mlaku-mlaku
saka tembung mlaku dirangkep kanthi dwilingga padha swara.
- Wayang
kulit saka tembung wayang kacambor karo tembung kulit.
Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak
Basa. Surakarta: ITA.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar