![]() |
Gb 1. Tuladha Corak Batik |
Dene
kang diarani bathik iku bisa ana rong teges. Kang kapisan, bathik bisa diarani
salah sawijining cara nggawe bahan kain utawa lawon, yaiku teknik menehi warna
ing kain migunakake lilin kang wujude cuwer. Saliyane kuwi bathik uga ditegesi
minagka kain utawa busana kang cara nggawene kaya mangkono mau. Bathik nduweni
motif utawa corak tartemtu miturut papan panggaweane bathik kasebut, tuladhane bathik
Solo, bathik Yogyakarta, bathik Pekalongan, lan liya-liyane. Ing jaman biyen,
motif bathik kang dingo uga manut marang derajat utawa pangkate wong kang
nganggo, contone: bathik motif parang amung oleh dingo dening para raja,
keturunan raja, lan kaum bangsawan.
Tembung
bathik dhewe kabentuk saka tembung “amba” lan “titik” kang sabanjure kacambor dadi tembung bathik.
Bathik
minangka salah sawijining wujud budaya Jawa, ya budaya Indonesia, wis ditetepake
dening PBB lumantar sawijining badane ing babagan kabudayan yaiku UNESCO, minangka
Warisan Kemanusian untuk Budaya Lisan dan
Nonbendawi wiwit 2 Oktober 2009.
Jinising
Bathik
Miturut
cara utawa teknik nggawene, bathik kaperang dadi telu, yaiku bathik tulis, bathik
cap, lan bathik lukis.
1.
Bathik Tulis
Batk tulis yaiku bathik
kang cara nggawe motif utawa corak gambar ing kain mingunakake tangan srana piranti
kang diarani canting. Nggawe bathik jinis iki bisa nganti 2-3 sasi anggone
rampung.
2.
Bathik Cap
Bathik cap yaiku
tekstur, motif utawa corak gambare dibentuk migunakake cap (biasane saka
tembaga). Prosese amung nganti 2-3 dina.
3.
Bathik Lukis
Bati luis yaiku bathik kang cara
nggawene kanthi langsung nglukis ing kain.
Piranti-piranti
kanggo nggawe bathik, ing antarane:
![]() |
Gb 2. Lilin lan Canthing |
a. Kain
b. Lilin
c. Pewarna
d. Canthing
(tumrape bathik tulis)
e. Cap
(tumrape bathik cap)
f. Wajan
g. Kompor
h. Bak
bilasan
a. Gawangan
![]() |
Gb 3. Gawangan |
![]() |
Gb 3. Wajan lan Kompor |
Kapethik sacukupe saka http://jv.wikipedia.org/wiki/Bathik