Rabu, 15 Januari 2014

BATHIK



Gb 1. Tuladha Corak Batik

Dene kang diarani bathik iku bisa ana rong teges. Kang kapisan, bathik bisa diarani salah sawijining cara nggawe bahan kain utawa lawon, yaiku teknik menehi warna ing kain migunakake lilin kang wujude cuwer. Saliyane kuwi bathik uga ditegesi minagka kain utawa busana kang cara nggawene kaya mangkono mau. Bathik nduweni motif utawa corak tartemtu miturut papan panggaweane bathik kasebut, tuladhane bathik Solo, bathik Yogyakarta, bathik Pekalongan, lan liya-liyane. Ing jaman biyen, motif bathik kang dingo uga manut marang derajat utawa pangkate wong kang nganggo, contone: bathik motif parang amung oleh dingo dening para raja, keturunan raja, lan kaum bangsawan. 

Tembung bathik dhewe kabentuk saka tembung “amba” lan “titik” kang sabanjure kacambor dadi tembung bathik.

Bathik minangka salah sawijining wujud budaya Jawa, ya budaya Indonesia, wis ditetepake dening PBB lumantar sawijining badane ing babagan kabudayan yaiku UNESCO, minangka Warisan Kemanusian untuk Budaya Lisan dan Nonbendawi wiwit 2 Oktober 2009.

Jinising Bathik
Miturut cara utawa teknik nggawene, bathik kaperang dadi telu, yaiku bathik tulis, bathik cap, lan bathik lukis.
1.        Bathik Tulis
Batk tulis yaiku bathik kang cara nggawe motif utawa corak gambar ing kain mingunakake tangan srana piranti kang diarani canting. Nggawe bathik jinis iki bisa nganti 2-3 sasi anggone rampung.
2.        Bathik Cap
Bathik cap yaiku tekstur, motif utawa corak gambare dibentuk migunakake cap (biasane saka tembaga). Prosese amung nganti 2-3 dina.
3.        Bathik Lukis
Bati luis yaiku bathik kang cara nggawene kanthi langsung nglukis ing kain. 

Piranti-piranti kanggo nggawe bathik, ing antarane:
Gb 2. Lilin lan Canthing
a.       Kain
b.      Lilin
c.       Pewarna
d.      Canthing (tumrape bathik tulis)
e.       Cap (tumrape bathik cap)
f.       Wajan
g.      Kompor
h.      Bak bilasan
a.       Gawangan
 


Gb 3. Gawangan

Gb 3. Wajan lan Kompor

Kapethik sacukupe saka http://jv.wikipedia.org/wiki/Bathik
 



Selasa, 14 Januari 2014

MACAPAT ASMARADANA

Ing ngisor iki kaserat tuladhane cakepan tembang macapat kang jinis Asmaradana. macapat asmaradana duwe guru gatra kang cacahe ana 7, kanthi guru lagu lan guru wilangan 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, lan 8a.
 
Sekar Macapat Asmaradana
Laras Slendro Pathet Sanga Miring

Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine dunga tetulak
Sandhang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sarta narima


Sekar Macapat Asmaradana
Slobog Laras Pelog Pathet Nem

Ana tulise Hyang widhi
Yen wong sabar lan narima
Ginanjar dawa umure
Sugih kadang lawan mitra
Kinacek ing sasama
Yan lagi lara wong iku
Gampang nggone antuk tamba


MACAPAT KINANTHI

Tembang kinanthi nduweni watak seneng, asih, lan tresna. Dene cacahe guru gatrane ana 6. Guru lagu lan guru wilangane yaiku 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
Tuladhane cakepan tambang macapat kinanthi sarta videone bisa digatekake ing ngisor iki.

Sekar Macapat Kinanthi
Laras Pelog Pathet Nem

Dadya laku nireku
Cegah dhahar lawan gulig
Lawan aja sukan-sukan
Anganggowa sawatawis
Ala watak suka 
Nyuda prayitnaning batin



Sekar Macapat Kinanthi
Laras Slendro Pathet Sanga

Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengsem ing sasama
Samaning manungsa sami



MACAPAT MIJIL

Gatra tembang macapat mijil cacahe ana 6. Dene guru lagu lan guru wilangane yaiku 10i, 6o, 10e, 10, 6i, lan 6u. Ing ngisor iki tuladha cakepan tembang mijil.

Sekar Macapat Mijil
Gagadwaspa
Laras Slendro Pathet Sanga Miring

Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu enteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk



Sekar Macapat Mijil
Laras Pelog Pathet Nem

Lan dimantep mring panggawe becik
Lawan wekas ingong
Aja kurang ing panarimane
Yen wis tinitah marang Hyang Widhi
Ing badan puniki
Wus pepancenipun



MACAPAT MEGATRUH

Miturut etimologine, tembung mengatruh karipta saka tembung "amegat" lan "ruh". Pegat nduweni teges putus, tamat, pisahm crah lan ruh kang tegese ruh utawa jiwa. Ana ing Serat Purwaukara, megatruh ditegesi mbucal kan sarwa ala, yaiku mbuwang kang sarwa ala.
Macapat megatruh katulis ing 5 gatra, kanthi guru lagu lan guru wilangan 12u, 8i, 8u, 8i, lan 8o.
Ing ngisor iki tuladhane cakepan tembang macapat megatruh.

Sekar Macapat Megatruh
Laras Slendro Pathet Manyura

Wong ngawula mring ratu luwih pakewuh
Nora kena minggrang minggring
Kudu mantep karyanipun
Setya tuhu marang Gusti
Dipun piturut sapakon




Sekar Macapat Megatruh-Malatsih
Laras Pelog Pathet Nem

Apan ratu kinarya wakil Hyang Agung
Marentahken hukum adil
Pramila wajib den anut
Sapa tan anut mring Gusti
Mring parentahing Sang Katong







MACAPAT POCUNG

Pocung yaiku salah sawijining jinis saka tembang macapat kang cacahe ana 11. Tembang pocung kaserat ing patang gatra, kanthi guru wilangan lan guru lagu 12i, 6a, 8i, lan 12a.
Ing ngisor iki tuladha cakepan tembang macapat Pocung lan videone.

Sekar Macapat Pocung
Laras Slendro Pathet Manyura

Ngelmu iku kalokane kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya Budya pangekese dur angkara


MACAPAT GAMBUH

Cakepan tembang macapat gambuh pancen akeh rupane.
Ing ngisor iki tuladha cakepan tembang macapat Gambuh.
Sekar Macapat Gambuh 
Laras Pelog Pathet Nem

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katuduh

Menawa pingin nonton video tembang kanthi cakepan ing dhuwur, bisa klik URL ana ngisor iki! 
http://www.youtube.com/watch?v=uHYwpg2sTws

Sekar Macapat Gambuh 
Binatan, Laras Slendro Pathet Manyura

 
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur, kojur sayekti tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Sekar Macapat Gambuh
Laras Pelog Pathet Nem
 
Pitutur bener iku 
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeki
lamun becik wurukipun
Iku pantes sira anggo





Tembang gambuh ing dhuwur kaserat ana ing Serat Wulangreh Pupuh Gambuh kang kaanggit dening Sri Pakubuwana IV.