Basa Jawa iku basa kang kebak ing tata
krama lan subasita. Bab iki bisa ditonton saka wujude basa kang duwe
unggah-ungguh basa. Umpane nalikane awake dhewe guneman karo wong kang luwih
tuwa, mulakudu nganggo basa krama. Ora kena nganggo basa ngoko. Unggah-ungguh
basa Jawa kaperang kaya ing ngisor iki, antarane:
1.
Ngoko Lugu
Basa
ngoko lugu iku basa kang ana sajroning ukara kang wujud tembunge arupa tembung
ngoko, ora kacampuran basa krama. Ater-ater lan panambange uga nganggo basa
ngoko. Basa ngoko lugu dianggo dening:
a.
Wong tuwa marang
anakke.
b.
Guru marang
muride.
c.
Wong kang wis
padha tetepungan raket.
Tuladha:
- Aku lagi sinau Basa Jawa
- Pak Bagas menyang Demak numpak bis.
2.
Ngoko Alus
Basa
ngoko alus iku basa kang ana ing sajroning ukara kang wujud tembung-tembunge
arupa tembung ngoko lan krama inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong
kapindho) utama wong sing digunemi (wog katelu). Dene ater-ater lan panambange
tetep ngoko. Basa ngoko laus dianggo dening:
a.
Ibu marang bapak
ing dalem.
b.
Wong tuwa marang
wong emon kang duwe palungguhan luwih dhuwur.
c.
Sapadha-padha
kang wis raket, nagging tetep pada ngajeni.
d.
Adhi marang
kangmase utawa mbakyune sing gelem ngajeni.
Tuladha:
- Simbah lagi dhahar bakso.
- Pak Lurah mau rawuh rene, panjenegan pirsa apa durung?
- Wis suwe Lik Diman gerah malaria.
3.
Krama Lugu
Basa
krama lugu iku basa kang ana ing sajroning ukara tembung-tembunge arupa tembung
krama, ora kacampuran ngoko utawa krama inggil. Dene ater-ater lan panambange
uga krama. Basa krama lugu dianggo dening:
a.
Wong kang
karenah enom marang wong kang kaprenah tuwa.
b.
Murid marang
gurune.
c.
Anak marang wong
tuwane.
Tuladha:
- Ibu tumbas gendhis kalih kilo.
- Jam tiga wau simbah mirengaken radhiyo.
4.
Krama Alus
Basa
krama alus yaiku basa kang ana ing sajroning ukara kang wujud tembunge arupa
krama lan tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman utama wong sing
digunemi. Dene ater-ater lan panambang uga dikramakake. Basa krama laus dianggo
dening:
a.
Wong kang
kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwa.
b.
Anak marang wong
tuwa.
c.
Murid marang
gurune.
d.
Wong kang luwih
andhap derajate marang wong kang luwih dhuwur derajate.
Tuladha:
- Dinten menika bapak kondur saking Semarang.
- Kala wau wungu tabuh pinten, Mbah?
- Pak, panjenegan dipunaturi dhahar rumiyin.
Tuladha Tembung
Ngoko- Krama
1)
Tembung Wilangan
Wilangan
|
Ngoko
|
Krama
|
Wilangan
|
Ngoko
|
Krama
|
1
|
Siji
|
Setunggal
|
29
|
Sanga likur
|
Sanga likur
|
2
|
Loro
|
Kalih
|
30
|
Telung puluh
|
Tigang dasa
|
3
|
Telu
|
Tiga
|
31
|
Telung puluh siji
|
Tigang dasa setunggal
|
4
|
Papat
|
Sekawan
|
32
|
Telung puluh loro
|
Tigang dasa kalih
|
5
|
Lima
|
Gangsal
|
40
|
Patang puluh
|
Sekawan dasa
|
6
|
Enem
|
Enem
|
50
|
Seket
|
Seket
|
7
|
Pitu
|
Pitu
|
51
|
Seket siji
|
Seket setunggal
|
8
|
Wolu
|
Wolu
|
60
|
Sewidak
|
Sewidak
|
9
|
Sanga
|
Sanga
|
61
|
Sewidak siji
|
Sewidak setunggal
|
10
|
Sepuluh
|
Sedasa
|
70
|
Pitung puluh
|
Pitung dasa
|
11
|
Sewelas
|
Sewelas
|
80
|
Wolung puluh
|
Wolung dasa
|
12
|
Rolas
|
Kalih welas
|
90
|
Sangang puluh
|
Sangang dasa
|
13
|
Telulas
|
Tiga welas
|
100
|
Satus
|
Satunggal atus
|
14
|
Patbelas
|
Sekawan welas
|
101
|
Satus siji
|
Setunggal atus setunggal
|
15
|
Limalas
|
Gangsal welas
|
1000
|
Sewu
|
Setunggal ewu
|
16
|
Nembelas
|
Nembelas
|
2000
|
Rong ewu
|
Kalih ewu
|
17
|
Pitulas
|
Pitulas
|
3000
|
Telung ewu
|
Tigang ewu
|
18
|
Wolulas
|
Wolulas
|
1999
|
Sewu sangang atus sangang puluh sanga
|
Setunggal ewu sangang atus sangang
dasa sanga
|
19
|
Sangalas
|
Sangalas
|
½
|
Setengah
|
Sepalih
|
20
|
Rongpuluh
|
Kalih dasa
|
1/3
|
Sapretelon
|
Sapratigan
|
21
|
Selikur
|
Selikur
|
¼
|
Seprapat
|
Setunggal prapat
|
22
|
Rolikur
|
Kalih likur
|
1/5
|
Sapraliman
|
Sapraliman
|
23
|
Telu likur
|
Tiga likur
|
2/3
|
Rong pratelon
|
Kalih pratigan
|
24
|
Pat likur
|
Sekawan likur
|
¾
|
Telung prapat
|
Tigang prapat
|
25
|
Selawe
|
Selangkung
|
2/5
|
Rong praliman
|
Rong praliman
|
26
|
Nemlikur
|
Nem likur
|
1,5
|
Karo tengah/siji setengah
|
Kalih tengah
|
27
|
Pitu likur
|
Pitu likur
|
2,5
|
Loro setengah
|
Kalih setengah
|
28
|
Wolu likur
|
Wolu likur
|
3,5
|
Telu setengah
|
Tiga setengah
|
Lsp
|
2)
Tembung Warna
Ngoko
|
Krama
|
Abang
|
Abrit
|
Ijo
|
Ijem
|
Ireng
|
Cemeng
|
Putih
|
Pethak
|
Kuning
|
Jene
|
Biru
|
Biru
|
Soklat
|
Soklat
|
Klawu
|
Klawu
|
3)
Tembung Ener
Ngoko
|
Krama
|
(n)Dhuwur
|
Nginggil
|
Ngisor
|
Ngandhap
|
Kiwa
|
Kiwa
|
Tengen
|
Tengen
|
Tengah
|
Tengah
|
Ngarep
|
Ngajeng
|
(m)Buri
|
Wingking
|
Wetan
|
Wetan
|
Kulon
|
Kilen
|
Lor
|
Ler
|
Kidul
|
Kidul
|
4)
Tuladha Liyane
Ngoko
|
Krama
|
Krama Inggil
|
Ngoko
|
Krama
|
Krama Inggil
|
Mari
|
Mantun
|
Dhangan
|
Nampa
|
Nampi
|
Nampi
|
Mangan
|
Nedha
|
Dhahar
|
Omong
|
Matur
|
Ngendika
|
Lara
|
Sakit
|
Gerah
|
Ngundang
|
-
|
Nimbali
|
Ngadeg
|
Ngadeg
|
Jumeneng
|
Nginep
|
Nyipeng
|
Nyare
|
Kanggo
|
Kangge
|
Kagem
|
Weteng
|
Weteng
|
Padharan
|
Lanang
|
Jaler
|
Kakung
|
Teka
|
Dhateng
|
Rawuh
|
Mulih
|
Wangsul
|
Kondur
|
Rambut
|
Rambut
|
Rikma, rema
|
Maca
|
-
|
Maos
|
Turu
|
Tilem
|
Sare
|
Krungu
|
Miring
|
Midanget
|
Enom
|
Enem
|
Timur
|
Irung
|
Irung
|
Grana
|
Lunga
|
Kesah
|
Tindak
|
Tangi
|
-
|
Wungu
|
Untu
|
Untu
|
Waja
|
Bojo
|
Semah
|
Garwa
|
Ngombe
|
Ngombe
|
Ngunjuk
|
Ngerti
|
Ngertos
|
Pirsa
|
Sikil
|
Suku
|
Samparan,
sampeyan
|
Omah
|
Griya
|
Dalem
|
Adus
|
Adus
|
Siram
|
Kongkon
|
Kengken
|
Dhawuh
|
Jupuk
|
Pendhet
|
Pundhut
|
Gelem
|
Purun
|
Kersa
|
Tuku
|
Tumbas
|
Mundhut
|
Umur
|
Umur
|
Yuswa
|
Mripat
|
Mripat
|
Saca, paningal
|
Wedok
|
Estri
|
Putri
|
Lemah
|
-
|
Siti
|
Jeneng
|
Nama
|
Asma
|
Menehi
|
Ngaturi,
nyukani
|
Maringi
|
Lair
|
Lair
|
Miyos
|
Tangan
|
Tangan
|
Asta
|
Numpak
|
Numpak
|
Nitih
|
Metu
|
Medal
|
Miyos
|
Lsp
|
Daftar Pusaka:
Kridalaksana,
Harimurti, dkk. 2001. Wiwara: Pengantar
Bahasa dan Kebudayaan Jawa. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.
Sukoyo, Joko dan
Ratmini. 2010. Fokus Basa Jawa 11A.
Solo: CV. Sindunata.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar