Cerkak iku padha karo cerpen ing basa
Indonesia. Cerkak nduweni titikan kaya ing ngisor iki:
a.
Reroncening
crita mung siji.
b.
Perwatakame paraga digambarake kanthi
cekak.
c.
Dredah sajroning cerkak ora marakake
nasib paragane owah.
d.
Amung ana siji prastawa kang nguwasani
dalane crita.
e.
Cerkak asipat reka-reka/fiktif.
f.
Cerkak asipat naratif/andharan.
Bab kang kudu dimangerteni kanggo nyinau
babagan cerkak, yaiku:
1.
Tema
Tema yaiku bab kang
dadi uderaning prakara.
2.
Alur
Alur yaiku urutaning
crita wiwit lekas nganti pungkasan.
3.
Paraga
Paraga yaiku para
pawongan kang nindakake crita.
4.
Karakter/watak
Karakter utawa watak
yaiku sipat kang diduweni dening paraga.
5.
Latar/setting
Latar utawa setting
yaiku papan, wektu, lan kahanan kang ana ing crita.
6.
Amanat
Amanat yaiku piwulang
kang bisa dijupuk saka crita kasebut.
Daftar
Pustaka:
Kusumawati, Ikke. 2009. Fokus Basa Jawa 10A. Solo: CV.
Sindunata.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar