Minggu, 29 Desember 2013

SENGKALAN



Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sasta Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané taun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi.
Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengenge banjur diarani: “Suryasengkala”.
Sengkalan kaperang dadi loro, yaiku sengkalan lamba lan sengkalan memet.
1.        Sengkalan Lamba
Sengkalan lamba yaiku sengkalan kang migunakake tembung-tembung minangka kanggo nulis angka taun.
Tuladha:
a.    Nembah muluk ngesti aji. Tegese nembah = 2, muluk = 0, ngesti = 8, aji = 1.
Maksude nulis angka taun 1802.
b.    Panggung luhur sangga bawana. Tegese panggung watake = 8, luhur watake = 0, sangga watake = 7, bawana watake = 1.
Maksude nulis angka taun 1708.
Pepenget:
Panulisane angka taun iku walikan karo tembung-tembunge.
Tembung-tembung kang ana ing sengkalan iku dianggep tembung-tembung kang nduweni watak wilangan.
Watake tembung-tembung yaiku:
Watak
Tembung
Watak 1
Bumi, tunggal, siji, nyawiji, wong, semedi, siti, srengenge, rembulan, lintang, bupati, buntut, bunder, nyata, ratu, gusti, nabi, rupa, maha, iku, rat, jagad, kartika, bumi, surya, candra, wani, putra, tyas, kalbu, wardaya, narpa, kawula, janma, urip, putra, badan, wangun, rupa, wutuh, wungkul, sempurna, budha , puser, lsp.
Watak 2
Ingkang jodhon, kalih, dwi, asta, nembah, nyembah, caksu, netra, pandulu, myat, paksi, peksi, paksa, sikara, apasang, sungu, karna, kembar, penganten, mripat, kuping, tangan, swiwi, alis, uwang, bau, paningal, pipi, sipat utawa, tandange tembung kang loro, lsp.
Watak 3
Geni, dahana, payudhan, yudha, perang, kaya, kadya, kadi, murup, panas, pawaka, nala, retna, guna, kawruh, wedha, wignya, tri,naut, teken, pawaka, rananggana lsp.
Watak 4
Seganten, lepen, toya, wening, suci, anyep, sumber, wedang, marta, sindu, jaladini, udadi, waudadi, udan , keblat, warna, catur, jaman, nadi, samodra, tasik, marta, karta, masuh,lsp.
Watak 5
Pandhawa, buta, tata, gata, angin lesus, lima, gangsal, panca, gaman, panah, pusaka, lungid, landhep, diyu, dik, buta, yaksa, raseksa, wil, galak, tata, maruta, bayu, samirana, guling,  prahara, lsp.
Watak 6
Rasa pait, kecut, nurih, asin, gurih, obah, oyag, kayu, ilat, lindhu, hartati, madu, raras, susah ilat, wayang, ayang-ayang, lsp.
Watak 7
Pandhita, resi, wiku, muni, pitu, sapta, dwija, giri, wasita, piwulang, gunung, suka, ancala, gung, luhur, imawan, titih, titihan, sabda, tetunggangan, jaran, angsa, lsp.
Watak 8
Gajah, asthi, astha, sarpa, naga, pujangga, brahmana, wasu, slira, baya, wolu, kunjara, tanu, madya, dirada, bajul, liman, cecak, murti, basuki, hasti, lsp.
Watak 9
Bolongan, leng, babahan, lawing, gapura, wiwara, trus, kusuma, rudra, gatra, mancep, song, bedhah, trustha, jawata, manjing, menga, dewa, sanga, lsp.
Watak 10
Sawung, kosong, sunya, musna, nir, rusak, ilang, kumbul, muluk, gegena, angles, langit, tawang, swarga, tanpa, tan, swuh, suda, windu, wyat, dos, wuk, barakan, surut, sempel, lan tembung kang ngemu surasa ora ana.

2.        Sengakalan Memet
Sengkalan memet yaiku sengkalan kang migunakake gambar minangka kanggo nulis angka taun, dudu tembung utawa ukara.

Cara Nggawe Sengkalan
Yen arep gawe ukara sengkalan:
  • Sepisanan kudhu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane: gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat). Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2).
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3).
  • Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6).


Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA

1 komentar: