Sabtu, 14 Desember 2013

PARIKAN LAN WANGSALAN



1.        Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang mawa paugeran telung werna, yaiku:
a.       Kadadeyan saka rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru swara.
b.      Saben saukara kadadeyan saka rong gatra.
c.       Gatra kapisan minangka  purwaka, dhene gatra kapindo minangka uwose.
Tuladha:
o   Abang-abang ora legi
Tiwas magang ora dadi
o   Manuk emprit mucuk pari
Dadi murid sing taberi
o   Kembang mlathi werna peni nggandha peni
Watak putri kudu gemi lan setiti

2.        Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelakake batangane utawa tebusane sara sinandi. Jinising wangsalan yaiku:\
a.       Wangsalan lamba
Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang isi batangane mung siji.
Tuladha:
Aja jenang gula lho, Le! (jenang gula = glali, dadi batangane lali)
b.      Wangsalan rangkep
Wangsalan ramgkep yaiku wangsalan kang isi batangane luwih saka siji.
Tuladha:
Kolik priya, wanara Anjani putra.
Tuhu eman, wong enom dadi kangelan.
(Kolik priya = mauk tuhu, dadi batangane tuhu. Anjani putra = Anoman, dadi natangane eman)
c.       Wangsalan memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan sing cara nggoleki batangane sarana ngonceki maksude tetembungane ambal kaping pindho.
d.      Wangsalan padinan
Wangsalan padinan yaiku wangsalan kang ora lumrahe mratelakake batangan sabab wong-wong wis padha ngerti batangane.
Tuladha:
Roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso.
(roning mlinjo = so, dadi batangane ngaso)
e.       Wangsalan purwakanthi basa
Wangsalan purwakanthi basa yaiku wangsalan kang edi peni, kepenak dirungu sabab migunakake purwakanthi basa.
Tuladha:
Cipta arda, ardaning tyas mring sasama.
Tyas susila, nur raga ambek jatmika.
(Cipta arda = nepsu. Ardaning tyas mring sasama = ambek)




Daftar Pustaka:
Kusumawati, Ikke. 2009. Fokus Basa Jawa 10A. Solo: CV. Sindunata.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar