Kéreta
basa
uga disebut jarwa dhosok. Kéreta ateges asal usul tegesing tembung.
Kereta basa ateges bab negesi surasaing tembung awewaton asal utawa
mula-bukanipun, lumrahe kapirid saka wewancahane, kajupuk sunduk prayogane.
Jarwa nduweni teges wedharan utawa katrangan, déné dhosok nduweni teges pikajeng
(kekarepan) ndhesek, nyodohake majeng. Jarwa dhosok bisa ditegesi katrangan mungguhe
tembung sarana dikira-kira utawa miturut kekarepane kang nerangake.
Tuladhane kereta basa:
1.
Anak ditegesi : Karep
apa-apa kudu anal an enak
2.
Bapak ditegesi : Bab apa-apa
pepak (kawruh lan pengalamane akeh)
3.
Batur ditegesi :
Embat-embating tutur (kena diajak musyawarah/mupakatan)
4.
Bocah ditegesi : Yen mangan
kaya kebo, penggaweane ora kecacah
5.
Brekat ditegesi : Dideleh mak breg
terus diangkat
6.
Cangkem ditegesi : Yen
ora dicancang ora mingkem
7.
Cangkir ditegesi : Kanggo nyancang
pikir
8.
Cengkir ditegesi : Kencenge pikir
9.
Copet ditegesi : Ngaco karo mepet-mepet
10. Denawa
ditegesi :
Ngeden hawa (ngumbar hawa nepsu)
11. Desember
ditegesi : Gedhe-gedhene sumber
12. Dhalang
ditegesi : Ngudhal piwulang
13. Dongeng
ditegesi : Dipaido ora menging
(dipaido meneng)
14. Dorang
ditegesi : Aja maido marang
pangeran
15. Garwa
ditegesi : Sigaraning
nyawa
16. Gedhang
ditegesi : Saged padhang;
digeget bar madhang
17. Gerang
ditegesi : Segere wis
aranga-arang
18. Guru
ditegesi : Kena digugu
lan ditiru
19. Gusti
ditegesi : Bagusing ati
20. Gethuk
ditegesi : Yen digeget karo
manthuk-manthuk
21. Januari
ditegesi : Hujan saben ari
22. Kaji
ditegesi : Tekade siji
(ngantebi manembah mring Gusti Allah)
23. Kathok
ditegesi : Diangkat
sirok-sitok
24. Kodhok
ditegesi : Teka-teka ndhodhok
25. Kotang
ditegesi : Sikute diutang
26. Krikil
ditegesi : Keri ing sikil
27. Kuping
ditegesi : Kaku njepiping
28. Kupluk
ditegesi : Kaku nyempluk
29. Kursi
ditegesi : Yen
diungkurake banjur diisi
30. Ludruk
ditegesi : Gulune
gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
31. Maling
ditegesi : Njupuk amale
wong sing ora eling
32. Mantu
ditegesi : Dieman-eman
meksa metu
33. Maratuwa
ditegesi : Mara-mara ketemu tuwa
34. Mata
ditegesi : Kamot barang
kang nyata
35. Nopember
ditegesi : Ana sumber
36. Oktober
ditegesi : Untub-untub sumber
37. Pebruari
ditegesi : Yen mepe buru ari
38. Prawan
ditegesi : Yen pepara
(lelungan) kudu wayah awan
39. Saru
ditegesi : Kasar lan
keliru
40. Sega
ditegesi : Yen wis
seseg dadi lega
41. Sejarah
ditegesi : Sajane ngarah
(yen dina riyaya utawa idul fitri)
42. Sekuter
ditegesi : Sambi sendheku
mlayu banter
43. Sepatu
ditegesi : Yen wis
ditlesepke ora bisa metu
44. September
ditegesi : Sepi-sepine sumber
45. Sepuh
ditegesi : Sandane ampuh
46. Simah
ditegesi : Isine omah
47. Sinom
ditegesi : Isine enom
48. Sirah
ditegesi : Isine rah
49. Siti
ditegesi : Isine bulu
bekti
50. Sopir
ditegesi : Yen ngaso
mampir
51. Seruwal
ditegesi : Saru yen nganti
uwal
52. Sulap
ditegesi : Yen kesusu
bakal ketilap
53. Tandur
ditegesi : Nata karo mundur
54. Tapa
ditegesi : Tatane kaya
wong papa
55. Tarub
ditegesi : Ditata supaya
katon murub
56. Tayub
ditegesi : Ditata supaya
katon guyub
57. Tebu
ditegesi : Antebe kalbu
58. Tegas
ditegesi : Tegel tur
gragas
59. Tepas
ditegesi : Titip napas
60. Tuwa
ditegesi : Untune wis
rowa; ngenteni tukune nyawa
61. Wanita
ditegesi : Wani ditata
62. Wedhang
ditegesi : Dianggo
gawe kadang
63. Wedhus
ditegesi : Suwe ora tau adus
(ambune ora enak)
64. Weteng
ditegesi : Ruwet tur peteng
Daftar Pustaka
Rahardjo,
S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA
http://jv.wikipedia.org/wiki/Kerata_basa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar