Kamis, 12 Desember 2013

TEMBUNG SAROJA



Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha tegese utawa meh padha kang dianggo bebarengan.
Tuladhane:
Kabudayan Jawa mujudake budaya kang adi luhung.
Saliyane gedhe dhuwur bocahe pancen gagah prakosa.
Sanajan isih cilik, solah bawane apik.

Tabel 1. Tuladha Tembung Saroja
 
Aksara
Tuladha Tembung Saroja
A
Adi luhung
Ajur mumur
Amrik minging
Andhap asor
Angkat junjung
Arum wangi
Asih tresna
B
Babak belur
Babak bundhas
Bagas waras
Baya pakewuh
Bayu bajra
Bibit kawit
Bojana andrawina
Budi pakarti
C
Campur adhuk
Campur bawur
Candhak cekel
Colong jupuk
D
Dana driyah
Dana weweh
Dhawuh pangandika
Dhawuh timbalan
Dhedhep tidhem
Dhodhok seleh
Donga puji
E
Edi peni
G
Gagah prakosa
Galap gangsul
Gandhes luwes
Gendhon rukon
Gilir gumanti
Girang gumuyu
Godha rencana
Guyub rukun
I
Iguh pratikel
J
Jalma manungsa
Japa mantra
Jebat kasturi
Jejel riyel
Jungkir walik
K
Kadang kadeyan
Kadhang kala
Kajen karingan
Kasep lalu
Kepalu kepenthung
Kepalu ketutu
Kesampar kesandhung
Kocap kacarita
Kongas ngambar
Kukuh bakuh
L
Labuh labet
Lagak lageyan
Lagak lagu
Lalu lunges
Lega lila
Lir pendah
M
Malang megung
Mobah mosik
Mudha dama
Mudha pinging
Mudha punggung
Mudha taruna
Mukti wibawa
Mula buka
Mulang muruk
Murub mubyar
N
Nistha papa
Njarah rayah
Nyampar nyandhung
O
Owah gingsir
P
Papa cintraka
Pasang rakit
Puji pandonga
R
Rahayu slamet
Rame gumuruh
Rebut dhucung
Reka daya
Remuk rempu
S
Sabar drana
Sambat sebut
Sapa aruh
Sato kewan
Sayuk rukun
Sembah sujud
Sembah sungkem
Setya tuhu
Sisik melik
Sisip sembir
Solah bawa
Solah tingkah
Sotya retna
Suka rena
T
Tambal sulam
Tandang graying
Tandang tanduk
Tandang tanduk
Tanem tuwuh
Tapa brata
Tata karma
Tata rakit
Tata trapsila
Tedheng aling-aling
Teguh santosa
Tepa palupi
Tepa tuladha
Terang trawaca
Tindak tanduk
Tingkah laku
U
Ubeng inger
Undha usuk
Utang selang
W
Wadya bala
Watak wantu
Welas asih
Wiring isin
Wor suh
Wulang wuruk






Daftar Pustaka:
http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2012/08/tembung-saroja.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar