Rabu, 11 Desember 2013

TEMBUNG ENTAR




Tembung entar yaiku tembung loro kang digabung dadi siji kang mujudake teges anyar lan tegese dadi beda saka tembung asale. Tembung entar ora nduweni teges kang salugune. Ing basa Indonesia tembung entar uga diarani kata kiasan.

Tuladhane:

  • Pakdhe Surya wis suwe ngangsu kawruh ana kutha. (Ngangsu kawruh = golek ngelmu, maguru)
  • Gara-gara kedadeyan kuwi, Sumi dadi abang raine. (Abang raine = isin) 
  • Amung kanthi narik dhokar kang dadi cagak uripe. (Cagak urip = perkara kanggo nyukupi kabutuhan urip) 
Tabel 1. Tuladha Tembung Entar lan Tegese

Aksara
Tembung Entar
Tegese
A
Abang kupinge
Nesu
Abang-abang lambe
Ora tenanan/ lamis
Abang raine 
Nandhang isin
Abot sanggane 
Rekasa
Adol kringet
Nyambut gawé abot banget
Amba jangkahé
Akeh usahané
Atiné momot
Sabar banget
B
Balang liring
Nglirik
Bening ati
Sumèh
Buwang tilas
Nutupi tumindak ala
Bau tengen
Wong sing dipercaya
C
Cagak urip
Kanggo nyukupi kabutuhan urip
Cupet pangandel
Ora Percaya
Cupet atine
Gampang nesu
Cepak jatukramané
Cepet oleh jodho
D
Dawa tangané
Clemer, seneng nyolong
Dawa ususe
Sabar
Dhedher kautaman
Nandur kabecikan
Dhuwur atiné
Gumedhe
E
Empuk rembugé
Kepénak omongané
Entek atiné
Kuwatir banget
Èntheng tangané
Seneng milara
G
Gantung kepuh
Nyandhang ora ganti-ganti
Gedhe atine
Teguh, tatag
Gilik rembugé
Padha sarujuk
Gilud kawruh
Mempeng sinau
I
Idu geni
Omongané mesthi kelakon
Ijo matané
Seneng dhuwit
Ilang klilipé
Ilang mungsuhé
J
Jembar kawruhé
Pinter
Jembar segarané
Seneng ngapura kasalahané liyan
Jembar kuburé
Mlebu suwarga
K
Kakéhan tangan tegesé
Kakéhan sing tandang gawé
Kandel kupingé
Ora nggugu pitutur
Kaku atiné
Gampang nesu
Kuat isin
Ora tau isin
L
Lara owah
Edan
Lunyu ilaté
Méncla-ménclé
M
Mata yuyu
Gampang nangis
Matèni pangan
Gawé ilang rejekiné wong liya
Métani luput
Nggolèki luputé
N
Ngangsu kawruh
Meguru
Ngemut driji
Ora oleh apa-apa
P
Padhang jagaté
Katon tentrem
Padhang ulaté
Sumèh
Pingget atiné
Kuciwa, serik
R
Rai gedhèg
Ora duwé isin
Rengga praja
Njaga pribadi
Rupak segarané
Ora gampang ngapura
S
Sabuk gelang
Sugih sawah
Sumpek atiné
Susah banget
T
Tanpa tilas
Ora oléh gawé
Tipis lambéné
Seneng rerasan
U
Utang pati
Gawé patiné liyan
W
Weteng karèt
Akèh mangané
Wedi getih
Jirih








Daftar Pustaka:
http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_éntar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar