Dasanama iku tegese
maneka warna utawa sesebutan liyane kanggo sawijining paraga utawa manungsa. Biasane
dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing nduweni jeneng luwih saka siji.
Tembung iku asale saka
basa Sangskreta dasanama lan miturut harfiah tegese “sepuluh jeneng”. Tembung iki
sawijining kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung
kang tegese isih nunggal-misah. Tegese tembung-tembung mau keh-sithike isih
padha, mirip utawa memper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani
kadidene kamus sinonim. Saliyane kanggo mbedak-mbedakake pengerten kanthi
premati, anane tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supuya
tembung-tembung kang digunakake ora mung kuwi-kuwi bae.
Tuladhane dasanama:
· Abang = Abing, abrit, mbranang, mbrining,
merah, jingga, dhadhu, rekta.
· Anak = Putra, atmaja, yoga, tanaya, suta,
siwi, sunu, weka.
· Angin = Maruta, bayu, bajra, pawana,
sindhung, riwut, samirana, lesus, hawa.
· Alas = Wana, wanadri, jenggala.
· Arep = Karsa, apti, ayun.
· Asu = Sona, srenggana.
· Ati = Manah, driya, galih, kalbu,
nata, penggalih, tyas, wardaya, prana.
· Awak = Badan, salira, angga, raga.
· Bangke = Mayit, jisim, bathang, kunarpa,
kuwandha, sawa, wangke.
· Bapak = Rama, yayah, sudarma, sudarmi, bapa.
· Bledeg = Guntur, guruh, bajra, erawati, gelap.
· Bodho = Goblok, koplo, gebleg, blilu, dama,
jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging, punggung.
· Bumi = Bawana, buwana, bantala, butala,
basundra, basundari, buntala, jagad, kisma, pratiwi, pratala, pandhala.
· Buta = Denawa, ditya, diyu, asura,
danuja, yaksa, kelana, raseksa, wil.
· Candra = Rembulan, purnama, wulan, sasi.
· Dalan = Ratan, lurung, delanggung, enu,
gili, hawan, lebuh, marga, sopana.
· Dewa = Apsara, apsari, bathara, bathari,
dewata, sura, hyang, jawata, widadara, widadari.
· Dhewe = Piyambak, pribadi, priyangga.
· Desa = Dhusun, dhukuh, dhekah.
· Gajah = Liman, dipangga, dipa, dirada, asti,
esthi.
· Gaman = Senjata, bedhama.
· Gawe = Yasa, karya, kardi, karti.
· Geni = Agni, apyu, api, brama, dahana,
pawaka.
· Getih = Rah, ludira, rudira.
· Gludhug = Guntur, grah, gurnita, petir.
· Gunung = Wukir, ardi, ancala, arga, giri, meru,
parwata, prabata, aldaka.
· Ibu = Rena, biyang, biyung, indhung,
umi, wibi, puyengan, mbok.
· Ijo = Ijem, royo-royo, wilis.
· Ireng = Kresna, jelitheng, langking,
cemeng.
· Iwak = Mina, ulam, matswa.
· Jaran = Turangga, undhakan, swa, aswa,
kapal, kudha.
· Jeneng = Asma, aran, patrap, jejuluk, rum-rum,
sambat, wewangi, tetenger.
· Kali =
Lepen, narmada, bengawan.
· Kanca = Rewang, rowing, kanthi, bala.
· Kapal = Baita, prahu, rakit, gethek.
· Kasmaran = Kasengsem, branta, branti, gandrung,
kayungyun, kandhuhan, kungrungan, mangungkung, leng-leng, wulangun.
· Kaya = Kadya, kadi, lir, pendhah, pindha,
wimba, yayah.
· Kebo = Maesa, misa, mundhing.
· Keris = Curiga, patrem, katga, suduk, cundrik.
· Kreta = Pedhati, rata, ratangga, wimana,
yana.
· Kethek = Wanara, kapi, kapiwara, palwaga,
rewanda, juris, wre.
· Kraton = Kedhaton, dhatulaya, kadhatun,
puri-puri.
· Kuning = Jenar, pita, kapuranta.
· Lanang = Kakung, priya.
· Langit = Awang-awang, akasa, antariksa,
bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, wyat, widik-widik, wiyati.
· Lara = Gerah, gering, agring, roga,
sakit.
· Lintang = Taranggana, kartika, sasa, sudama,
wintang.
· Macan = Simo, mong, sardula.
· Mangan = Nedha, dhahar, boga, bekti, madhang,
nadhah.
· Manuk = Kaga, ukila, paksi, peksi.
· Mata = Mripat, netra, aksi, eksi, soca,
paningal.
· Mati = Seda, palastra, pralaya, lena,
anataka, lalis, ngemasi, lampus, layon, mancal donya, puput yuswa, tinggal donya.
· Misuwur = Kondhang, kaonang-onang, kajuluk,
kodhang, kajalandra, kajuwara, kaloka, kongas, kajanariya, kompul, kontab,
kasub, kawarti, kawentar, kasusra.
· Omah = Griya, wisma, pantigraha.
· Padu = Crah, congkrah, sulaya, kekerengan,
padudon, padon.
· Panah = Jemparing, warastra, astra, bana,
naraca, sara.
· Pandhita = Wiku, maharsi, resi, muni, yogiswara,
ajar, dwija, dijawara, mahyeksi, wipra, uyati, begawan.
· Pedhang = Klewang, sabet, candrasa.
· Peni = Edi, endah, becik,
apik, ngresepake.
· Perang = Yuda, bandayuda, tanding, jurit, laga,
pupuh, rana.
· Paprangan = Palagan, pabaratan, payudan, rananggana,
pasetran.
· Pinter = Mumpuni, wasis, limpad, guna, lebda,
nimpuna, widura, putus, wignya, widigda.
· Putih = Dwala, seta, pingul, pethak.
· Rambut = Rikma, rema, keswa, weni.
· Ratu = Narendra, nariswara, naradipa,
naradipati, aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, nata, pamasa,
paraniswara.
· Rembulan = Candra, badra, basanta, lek, sasadara,
sitoresmi, sasi, sitengsu, wulan.
· Rusak = Rabasa, brasta, punah, remak, remuk,
rempu, ruk, rurah, spuh.
· Segara = Samodra, ernawa, jaladri, jalanidi,
laut, tasik, seganten.
· Sedhih = Susah, dhuhkita, kingkin, sungkawa,
margiyuh, rimang, tikbra, turidha, wigena, rudhah, rudhatin, rudhatos, ngenes.
· Senapati = Narawara, hulubalang, bretyapati,
senapatya.
· Seneng = Bungah, girang, harsana, sengsem,
bagya, sukengkapti, trustha.
· Serik = Runtik, gething, sengit, eru,
rengu.
· Sirah = Mustaka, murdha, kumba, ulu, utamangga.
· Slamet = Rahayu, basuki, yuwana, raharja,
swasta.
· Srengenge = Baskara, bagaskara, bagaspati, arka, aruna,
diwangkara, pratangga, pradhitya, radhite, rawi, surya, we.
· Turu = Tilem, nendra, guling, sare.
· Udan = Riris, jawah, warsa.
· Ula = Sarpa, sawer, taksaka, naga.
· Utusan = Duta, caraka, cundhaka.
· Wadon = Estri, wanodya, dayinta, dyah, gini,
wanita, rini, retne, putri, kusuma, juwita.
· Weruh = Pirsa, uninga, semerep, sumurup,
anom, myat, udani, upiksa, wikan, wring.
· Wicara = Ucap, gunem, catur, uni, wicanten,
guneman.
· Widadari = Apsari, hapsari, bathari, dewi.
· Wong = Manungsa, jalma, manus, menus, jana,
nara, janma, pawongan.
· Wulang = Wuruk, ajar, wewarah, wejang.
Daftar
Pustaka
Rahardjo,
S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA
http://jv.wikipedia.org/wiki/Dasanama