Senin, 30 Desember 2013

DASANAMA



Dasanama iku tegese maneka warna utawa sesebutan liyane kanggo sawijining paraga utawa manungsa. Biasane dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing nduweni jeneng luwih saka siji.
Tembung iku asale saka basa Sangskreta dasanama lan miturut harfiah tegese “sepuluh jeneng”. Tembung iki sawijining kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegese isih nunggal-misah. Tegese tembung-tembung mau keh-sithike isih padha, mirip utawa memper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidene kamus sinonim. Saliyane kanggo mbedak-mbedakake pengerten kanthi premati, anane tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supuya tembung-tembung kang digunakake ora mung kuwi-kuwi bae.

Tuladhane dasanama:
·      Abang         = Abing, abrit, mbranang, mbrining, merah, jingga, dhadhu, rekta.
·      Anak           = Putra, atmaja, yoga, tanaya, suta, siwi, sunu, weka.
·      Angin         = Maruta, bayu, bajra, pawana, sindhung, riwut, samirana, lesus, hawa.
·      Alas            = Wana, wanadri, jenggala.
·      Arep           = Karsa, apti, ayun.
·      Asu             = Sona, srenggana.
·      Ati              = Manah, driya, galih, kalbu, nata, penggalih, tyas, wardaya, prana.
·      Awak          = Badan, salira, angga, raga.
·      Bangke       = Mayit, jisim, bathang, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke.
·      Bapak         = Rama, yayah, sudarma, sudarmi, bapa.
·      Bledeg        = Guntur, guruh, bajra, erawati, gelap.
·   Bodho        = Goblok, koplo, gebleg, blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging, punggung.
·   Bumi           = Bawana, buwana, bantala, butala, basundra, basundari, buntala, jagad, kisma, pratiwi, pratala, pandhala.
·      Buta            = Denawa, ditya, diyu, asura, danuja, yaksa, kelana, raseksa, wil.
·      Candra        = Rembulan, purnama, wulan, sasi.
·      Dalan          = Ratan, lurung, delanggung, enu, gili, hawan, lebuh, marga, sopana.
·      Dewa          = Apsara, apsari, bathara, bathari, dewata, sura, hyang, jawata, widadara, widadari.
·      Dhewe        = Piyambak, pribadi, priyangga.
·      Desa           = Dhusun, dhukuh, dhekah.
·      Gajah          = Liman, dipangga, dipa, dirada, asti, esthi.
·      Gaman        = Senjata, bedhama.
·      Gawe          = Yasa, karya, kardi, karti.
·      Geni            = Agni, apyu, api, brama, dahana, pawaka.
·      Getih          = Rah, ludira, rudira.
·      Gludhug     = Guntur, grah, gurnita, petir.
·      Gunung      = Wukir, ardi, ancala, arga, giri, meru, parwata, prabata, aldaka.
·      Ibu              = Rena, biyang, biyung, indhung, umi, wibi, puyengan, mbok.
·      Ijo               = Ijem, royo-royo, wilis.
·      Ireng           = Kresna, jelitheng, langking, cemeng.
·      Iwak           = Mina, ulam, matswa.
·      Jaran           = Turangga, undhakan, swa, aswa, kapal, kudha.
·      Jeneng        = Asma, aran, patrap, jejuluk, rum-rum, sambat, wewangi, tetenger.
·      Kali             = Lepen, narmada, bengawan.
·      Kanca         = Rewang, rowing, kanthi, bala.
·      Kapal          = Baita, prahu, rakit, gethek.
·      Kasmaran   = Kasengsem, branta, branti, gandrung, kayungyun, kandhuhan, kungrungan, mangungkung, leng-leng, wulangun.
·      Kaya           = Kadya, kadi, lir, pendhah, pindha, wimba, yayah.
·      Kebo           = Maesa, misa, mundhing.
·      Keris           = Curiga, patrem, katga, suduk, cundrik.
·      Kreta          = Pedhati, rata, ratangga, wimana, yana.
·      Kethek        = Wanara, kapi, kapiwara, palwaga, rewanda, juris, wre.
·      Kraton        = Kedhaton, dhatulaya, kadhatun, puri-puri.
·      Kuning       = Jenar, pita, kapuranta.
·      Lanang       = Kakung, priya.
·      Langit         = Awang-awang, akasa, antariksa, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, wyat, widik-widik, wiyati.
·      Lara            = Gerah, gering, agring, roga, sakit.
·      Lintang       = Taranggana, kartika, sasa, sudama, wintang.
·      Macan         = Simo, mong, sardula.
·      Mangan      = Nedha, dhahar, boga, bekti, madhang, nadhah.
·      Manuk        = Kaga, ukila, paksi, peksi.
·      Mata           = Mripat, netra, aksi, eksi, soca, paningal.
·      Mati            = Seda, palastra, pralaya, lena, anataka, lalis, ngemasi, lampus, layon, mancal donya, puput yuswa, tinggal donya.
·      Misuwur     = Kondhang, kaonang-onang, kajuluk, kodhang, kajalandra, kajuwara, kaloka, kongas, kajanariya, kompul, kontab, kasub, kawarti, kawentar, kasusra.
·      Omah          = Griya, wisma, pantigraha.
·      Padu           = Crah, congkrah, sulaya, kekerengan, padudon, padon.
·      Panah          = Jemparing, warastra, astra, bana, naraca, sara.
·      Pandhita     = Wiku, maharsi, resi, muni, yogiswara, ajar, dwija, dijawara, mahyeksi, wipra, uyati, begawan.
·      Pedhang     = Klewang, sabet, candrasa.
·      Peni                        = Edi, endah, becik, apik, ngresepake.
·      Perang        = Yuda, bandayuda, tanding, jurit, laga, pupuh, rana.
·      Paprangan   = Palagan, pabaratan, payudan, rananggana, pasetran.
·      Pinter          = Mumpuni, wasis, limpad, guna, lebda, nimpuna, widura, putus, wignya, widigda.
·      Putih           = Dwala, seta, pingul, pethak.
·      Rambut       = Rikma, rema, keswa, weni.
·      Ratu            = Narendra, nariswara, naradipa, naradipati, aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, nata, pamasa, paraniswara.
·      Rembulan   = Candra, badra, basanta, lek, sasadara, sitoresmi, sasi, sitengsu, wulan.
·      Rusak         = Rabasa, brasta, punah, remak, remuk, rempu, ruk, rurah, spuh.
·      Segara         = Samodra, ernawa, jaladri, jalanidi, laut, tasik, seganten.
·      Sedhih        = Susah, dhuhkita, kingkin, sungkawa, margiyuh, rimang, tikbra, turidha, wigena, rudhah, rudhatin, rudhatos, ngenes.
·      Senapati      = Narawara, hulubalang, bretyapati, senapatya.
·      Seneng        = Bungah, girang, harsana, sengsem, bagya, sukengkapti, trustha.
·      Serik           = Runtik, gething, sengit, eru, rengu.
·      Sirah           = Mustaka, murdha, kumba, ulu, utamangga.
·      Slamet        = Rahayu, basuki, yuwana, raharja, swasta.
·   Srengenge   = Baskara, bagaskara, bagaspati, arka, aruna, diwangkara, pratangga, pradhitya, radhite, rawi, surya, we.
·      Turu            = Tilem, nendra, guling, sare.
·      Udan          = Riris, jawah, warsa.
·      Ula              = Sarpa, sawer, taksaka, naga.
·      Utusan        = Duta, caraka, cundhaka.
·      Wadon        = Estri, wanodya, dayinta, dyah, gini, wanita, rini, retne, putri, kusuma, juwita.
·      Weruh         = Pirsa, uninga, semerep, sumurup, anom, myat, udani, upiksa, wikan, wring.
·      Wicara        = Ucap, gunem, catur, uni, wicanten, guneman.
·      Widadari    = Apsari, hapsari, bathari, dewi.
·      Wong          = Manungsa, jalma, manus, menus, jana, nara, janma, pawongan.
·      Wulang       = Wuruk, ajar, wewarah, wejang.


Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA
http://jv.wikipedia.org/wiki/Dasanama

RURA BASA



Rura basa yaiku tembung sing salah nanging wis kaprah (lumrah/umum), utawa bisa ditegesi tembung salah kaprah.

Tuladhane tembung rura basa:
1.        Adang esuk          = Adang sega wayah esuk
2.        Adang sega          = Adang beras supaya dadi sega
3.        Bakul jangan        = Wong dodol keperluane masak
4.        Jaga gerdhu          = Jaga keamanan manggon ing gerdhu
5.        Mangan awan       = Mangan sega wayah awan
6.        Batik sewek         = Mbatik mori supaya dadi sewek
7.        Mbunteli tempe    = Mbunteli kedele godhong dicampuri ragi supaya dadi tempe
8.        Menek klapa         = Menek wit klapa
9.        Mikul soto            = Mikul kwali isine soto
10.    Ndhudhuk sumur = Ndhudhuk lemah digawe sumur
11.    Njait klambi         = Njait kain supaya dadi klambi
12.    Negor klapa          = Negor wit klapa
13.    Nenun sarung       = Nenun benang supaya dadi kain
14.    Netel jadah           = Netel ketan mateng supaya dadi jadah
15.    Ngekum landha    = Ngekum arenge merang supaya dadi landha
16.    Ngenam klasa       = Nenam mendhong/pandhan supaya dadi klasa
17.    Ngenam kepang   = Ngenam rambut supaya dadi kepang (rambut klabang)
18.    Ngenam sesek      = Ngenam silatan pring supaya dadi sesek
19.    Nglinting rokok    = Nglinting klobot karo mbako supaya dadi rokok
20.    Nulis layang         = Nulis dluwang/kertas supaya dadi layang
21.    Nunggu manuk    = Nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk
22.    Tengi turu             = Melek bar turu



Daftar Pustaka
Rahardjo, S. 2003. Pepak Basa. Surakarta: ITA