Unine isih padha
Lancaran, ketawang kang padha ngrembaka
Kang ditabuh uga padha
Gong, saron, bonang, lan sakancane
Pelog slendro padha jangkep
Ananging, tangan kuwi
Dudu tangane bangsaku
Pasuryan kang kaya mangkono
Uga dudu pasuryane bangsaku
Piye? Kudu kepiye?
Sing jare duwekke dhewe
Malah amung dijarke
Sing ujare nguri-nguri
Keparaa sithik wae ora dipleroki
Dhuh Gusti..
Sing siji ngreksa dimen lestari
Liyane kaya-kaya padha nglali
Omong banter ing ngarep
Sepi gawe ana buri
Durung..
Apata durung wancine?
Kang prasetya bakal nguri-uri seni tradhisional
Saiki?
Ambuh kapan...
Apa pancen kudu ngenteni wancine?
Ngenteni kayon ing jagad pedhalangan amba iki..
Nancep cep!
Banjur rampung?
MU_9.11.13